Senin, 11 Januari 2016

Sabtu, wolu desember rongewu enembelas

Dino sabtu tanggal wolu ulan desember taon rongewu enembelas iku jadwal e bocah kelas rolas ziarah nak wali. Kelas sepuluh karo sewelas muleh jam songo. Sak wis se bel muni onok woro-woro nek kelas sepuluh karo sewelas wis gak popo muleh. Tapi yo onok bocah seng nak sekolahan. Jarene nek pelajaran akeh jalok muleh isuk. Tapi saiki wis dimulehno isuk yo onok seng gak gelem muleh-muleh. ☺

Sak wis se sekolah aku gak langsong muleh. Tapi mamper disek nak alon-alon. Jekek tas pesanane wong. Mari ngno aku langsong muleh. Teko omah aku di akon ibu tuku martabak nak GKB. Yo wes tak tukokno ae basio awan-awan tak belani kanggo ibu.

Sorene jam papat aku ngeterno dolorku ngaji. Maringno aku dolen nak gon PSG biyen. Itung-itung nyambung silaturrahmi karo mbak-mbak seng kerjo nak kono.

Bengine aku sinau kanggo pelajaran dino senin. Sak wis se sinau. Aku delok TV sampek jam songo. Mari ngono turu. ☺

Arvianita (4)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar