Rabu, 20 Januari 2016

Dina Minggu Renang

           
          Waktu dino Minggu tanggal sepoloh januari rongewu enembelas aku dijak koncoku renang nak Bukit Awan . Nak bukit awane aku budal jam songo isuk , totok nak bukit awane jam setengah sepoloh isuk.Melbu nak bukit awane iku bayare rongpoloh ewu . Pas mari bayar aku karo koncoku oleh melbu nak njeroe bukit awan. Pas wes melbu aku langsung ganti klambi renang nak kamar ganti . Waktu wes ganti klambi renang aku mulai renang karo koncoku nak kolam sing jeroh . Pas renang aku njalok diajari koncoku latian renang , soale aku gak isok renang . Teros aku dijak koncoku balapan renang tapie aku kalah soale aku sek ket isok renang . Waktu jam rolas awan aku mentas soale kaademen . Teros aku langsung ganti klambi biasa . Mari ganti klambi aku karo koncoku langsung moleh soale wes pegel .

Ceritoku cukup sakmenek wae yooo

SHOCHICHATUL MURSYIDAH (37)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar