Cerito kegiatane arek-arek suwelas PM sakbendinone ~SEMPAK~ (SEMangat lan komPAK)
Selasa, 19 Januari 2016
Tibo nak ondo omahku
Dino seloso moleh sekolah awak ku rasane pegel seru. Sampek-sampek totok omah langsung nak kamar turu. Iku ae gorong ganti kelambi. Dadi turu iku sek dalam keadaan seragaman.
Jam wes mlaku nak pukul 16.30 lan akhire aku ditangeni ibu ku dikongkon ados lan sembayang.
Wes mari sak kabehane aku langsung jepek buku ngerjakno tugas tapi suara adzan maghrib wes munyi , aku langsung sembayang disek , sak marine sembayang aku ngelanjutno ngerjakno tugas sek sak monoh akehne.
Waktu jam 20.00 aku modon mengisor kape njepek gunteng , lah pas aku modon totok ondo , ndas ku ngelu sak ngelu" e.
Lan akhire aku tibo nak ondo omah ku.
Selamet ondo ku kok gak popo .. Eh eh maksute selamet awak ku kok gak popo :D
Anis Faiza (03)
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar