Selasa, 19 Januari 2016

Jumat kerkel

Nak omah
     Wingi jumat aku tangi koyok biasa.e jam 04:15, iku pun ditangeni ibuku. Terus aku dikongkon sholat subuh, mari sholat subuh tak lanjutno turu maneng. Suwe titik alarm ku muni jam setengah 6, tapi aku rodok nambeng dadi ne tangi jam 6 kurang seprapat. Ontong omah ambek sekolah cedek, dadi tangi jam yamono gak masalah. Maringono tak tinggal ados. Mari ados kelambian, terus ngecek buku be.e onok seng ketinggalan.
     Terus aku mangan, tibakno ibuku dorong masak. Weteng wes luwe, mek onok sego tok. Tiwas njepek pereng, gak sido mangan. Terus kape berangkat salaman sek ambek ibu, gak lali sangune nomer 1. Maringono sepatuan, langsong berangkat teko omah jam setengah 7.an.
Pas nak sekolah
     Totok sekolah jam 06:35, pas ape  cekclock gak isok. Yowes tak tinggal melbu kelas langsong. Nak kelas aku ambek koncoku wes ngerencanak.no kerja kelompok moleh sekolah jam 11. Tibakno moleh gak sido jam 11,molehne jam 1. Gara gara onok extra wajib. Tapi yaopo maneng mau wes wara kerja kelompok, dadi ne yo tetep kerja kelompok.
     Jam 1 extra.e wes mari. Aku ambek koncoku langsung kerja kelompok nak kelas 10pm. Tak kiro gak suwe kerja kelompok.e, tibakno sampek jam setengah 3. Tapi yo ngono ngomong.e kerja kelompok, malah guyon gak mari mari sampek jam 2. Terus maringono sholat dhuhur sek. Pas kerja kelompok.e wes mari yo tak tinggal moleh. Lapo suwe suwe nak sekolah, kape nginep ta?

Auliaa/06

Tidak ada komentar:

Posting Komentar