Selasa, 19 Januari 2016

Wayae ngesat iwak nak tambak

Pas dino minggu wingi aku ambek kluarga ku lungo nak tambak gawe ngesat iwak. Sak durung e brangkat ibu ambek mbk ku koyok yok yok o, panganan opo ae seng onok nak omah digowo kabeh, gak lidok pas wes totok tambak panganane tambah korat karet nak tas e *glodak tambah tak guyu ngekel ngekel karo ayah mas ku. Wes mari ngurus i panganan seng nublek ayah ku karo koncoe langsung njegor nak tambak gawe merayang iwak e (njupuk i iwak e) mari di kumpul no nak serok an iwak langsung didekek nak nggarep e gobok gawe dipilik i tibak no iwak e nakal mencolot mencolot nyenget sekel :D  terus didol nak pengepul. Sak wis e ngesat aku sak kluarga langsung moleh nak omah. Sak durung e totok embong gedhe ibu karo mas ku tambah kepreset melbu tambak e uwong sak sepeda sepedae sakeng kelemon seng diconceng. Sak munu ae crito ku dino ikii... Matur suwon
Nour fita isnaini 28

Tidak ada komentar:

Posting Komentar