Cerito kegiatane arek-arek suwelas PM sakbendinone ~SEMPAK~ (SEMangat lan komPAK)
Minggu, 31 Januari 2016
renang nak BA😄
Zs(41)
Rabu, 27 Januari 2016
Kualat
A.f (01)
Akhe tugas …..
Mari ulang tahun loro
Aku pas iku ulang tahun seng ke 17 dadak no mari gono loro paleng aku kepegelen buka kado (hahaha) .
GALAU
seng asli Mbaten!
Helemku dadi cebok
Dino senin wingi aku budal sekolah rodok awan dadi aku parkir.e nak pucuk dewe . Pas marine parkir banjur aku langsung menjero nak kelas . Aku gadue pikiran yen dino iki mendung.e mendung seru . Dadi helmku tak klelerno nak ndukur.e spion sepeda . Sawise jam istirahat ke loro moro2 udan deres . Aku gak ngrti moro2 helm.ku posisi.e mendukur . Dadi kenek banyu udan lan dadi cebok
(Riska Diah Puspita Adiningrum/33)
Helemku dadi cebok
Dino senin wingi aku budal sekolah rodok awan dadi aku parkir.e nak pucuk dewe . Pas marine parkir banjur aku langsung menjero nak kelas . Aku gadue pikiran yen dino iki mendung.e mendung seru . Dadi helmku tak klelerno nak ndukur.e spion sepeda . Sawise jam istirahat ke loro moro2 udan deres . Aku gak ngrti moro2 helm.ku posisi.e mendukur . Dadi kenek banyu udan lan dadi cebok
(Riska Diah Puspita Adiningrum/33)
BALI BEROOH
Nanging crito lucu iki gak amergo sunset, tapi critone iki aku pas njalok foto no karo latar mburine ombak. Nah pas iku aku pengen foto karo konco konco ku, dadi gudu onok salah siji wong seng moto no aku ambek konco konco ku. Aku plongak plongok ngelek wong sopo seng gelem moto no, aku yo bingung ?? =-d
Njelalah onok wong seng lewat. Nanging iki wong bule, yowes tak pekso pekso ngomong ngawe inggris njalok tolong kongkon moto no aku karo konco ku.
Eskusmi, kan yu help mi tu tek a pictur?? Omongan ku karo plongak plongok, lah bule ne mek meneng ae. Baten ku opo iki budek wong e, opo iki duduk bule Americah, inggris ostrali?? Opo iki bule aprica =d , opo aku ngawe boso isyarat ?? =-d
"Yo kene tak poto no" saur e bulene
Welahdalah =)) , tibak e iso ngomong jowo piye to iki=)) . tibane bule iki mahasiswa seng urup2an pelajar teko australia. Wong e mrene gae khusus sinau boso jowo. Wasyekk enak iki iso gawe tambah konco =-d . wah yo ketepakan sisan iki aku ambek konco2 iso njalok sinau i bulene gawe ngajari boso inggris.
Iki pengalaman ku...
Endi pengalaman mu.. Tak enteni yo ruueekk
Matur suon rek \=d/
N.F.I 28
Koplakk
Pas moleh sekolah aku njalok susul abahku. Aku wes ngenteni suwe nak ngarep koperasi, tpi abahku gorong teko-teko. Sampek mendung peteng abahku yo gorong teko-teko. Sampek akhire udan dueresss seru mbek angin gebes. Akhire aku pindah enggon nak enggone cedek pak satpam lha kok tibakne abahku wes ngenteni nak kunu. Trs Ngenteni udane terang. Tibak.e udane gak terang-terang, yawes ditrabas ae udane..
AtulA.(05)
Mole sekolah keudanan
Pas tanggal selawe january rong ewu enem belas konco q podo siap" kresek gwe jogo" lek udan pas jam telu sore mole skolah ik udan ak lan koncoku gk onk seng tepak kbeh ,lek mlaku yha wedi kaudanan,lek numpak becak yha wedi pas ttok ndrojoke njumbat dadine ak kro koncoku numpak becak ,pas ttok drojokan ak lan koncoku podo ngguyu ngakak polae wedi tibo pas ttok drojokan .
Mizkie azama (23)
Dino minggu nak omah
Waktu dino minggu wingi aku tangi jam pitu isuk. Mari tangi aku langsong ados lan mangan. Pas marie mangan aku ngrewangi ibuk ku ,mari ngrewangi ibuk ku aku langsong nggeros seragam gae sekolah. Pas marie nggeros seragam aku kape dolen dadakno mendunge peteng teros udan deres dadi aku gak sido dolen. Pas aku gak sido dolen Aku dikongkon ibuku ngentasi umba-umbaan Polae mendunge peteng seru .pas mari ngentasi aku langsung nggambar damar kurung.
SHOCHICHATUL MURSYIDAH (37)
Malming jrengg
Malem minggu iku malem seng biasane digawe arek-arek satnight utowo kencan karo pacare dewe-dewe malming kali iki aku dolen karo konco-koncoku, amerga aku gak duwe pacar akhire satnight karo konco-koncoku, aku lan konco-koncoku satnight muter-muter lan mangan-mangan nang ayam penyet suroboyo sakwise mangan-mangan aku lan konco-koncoku rujak'an, arek-arek rujak'an.e kakean lombok sampek kepedesen ngeweh-ngeweh jam 9 aku moleh nak omah sampek nak dalan sek kepedesen .
Iswati (19)
Dolen nak omae dolor
Dino minggu isuk , aku karo ibukku nak nggon umae dolorku nyongok anake budehku seng lagek lahiran .
Aku karo ibukku numpak len , sawise modon len aku mlaku karo ibukku .
lumayan adoh umae dadi mlakue lumayan pegel .
dak sue aku lan ibukku wes totok umae budeku . sawise totok ibukku omong-omongan karo budehku . aku kakenaken ngodang ponakanku , gak sue ibukku pamet nak budehku .
akhire aku lan ibukku langsung moleh .
Nofi nor istiqomah (27)
Keudanan
Senen wingi mendung peteng nak sekolah terus pas mole sekolah udan deres akhir.e aku tuku kresek nak koperasi sekolah. Pas mole aku melaku karo konco ku gk atek sepatu karo udan-udan sampek kelambi ku teles kabeh.
Navira yulia a (25)
Nisfu sya'ban
Aku lan konco_konco melu nisfu sya'ban budal jam 07.00
Tujuan kesiji iku nk makam malik ibrahim teros nak sunan giri marie nk sunan giri langsung nk makame gusdur.
Totok gusdur aku ngaji marie ngaji podo leren sholat dzuhur terus mangan* lan turu ,polae ngenteni wong lanang seng sek sholat jum'at.
Marine nk gusdur langsung nk makame bung karno,Blitar .
Nak makame bung karno iku kudu numpak becak soale makame karo parkir bis e iku adoh..
Aku karo konco*ku podo ngaji mari e ngaji aku konco* podo selfi trus sholat asar
Marie nk bung karno langsung nak masjid turen.
Totok masjid turen mari maghreb,
Adem eee brrrrrrrr
Masjid seng gede karo apikk e koyo istana.
Aku lan konco*ku muter-muter nk masjid karo selfi teros sholat isya'
Cukup semene ae :)
Suwon :)
Fitrih_Handayanih (17)
Kudanan
Dino senin tanggal 25 jam 3 sore keadaan sore iku udan, aku moleh sekolah tapi aku gak langsong moleh aku ngerjakno laporan PSG karo arek-arek nak sekolah, arek-arek liyane yo akeh seng gorong moleh soal e sek udan pas jam setengah 4 sore arek-arek akeh seng moleh masio sek udan, pas jam 4 aku sek tas mari ngerjakno laporan PSG aku bengong ape moleh opo gak soal e sek udan tapi wes sore, aku karo arek-arek seng gorong moleh ngenteni nak kolam iwak sekolah ambek ngenteni udan e mari tapi udan e gak mari- mari malah tambah deres akhir e jam setengah 5 iku keadaan e sek udan tapi aku ambek arek-arek moleh gak ngenteni udan e sampek mari soal e wes sore, aku moleh kudanan kelambi ku teles kabeh tas ku sisan yo teles kabeh, dalu ne aku ndas ngelu gara-gara kudanan.
Sayyidah (36)
Selasa, 26 Januari 2016
Nggae pentol
minggu wingi, aku ambek konco cilikku dolen ket jam wolu sampek jam 3 sore.
suenenggggg... seru
jam 8 aku ndelok futsal nang smabom ambek arek" sampek jam.suwelas.
mari iku aku nang omae sunatul dolen bareng teros masak nggae pentol.
jam 3 aku ambek arek" moleh kabeh.
#Frisca Amrotul F (18)
Kudanan(apes)
Pas dino senen wingi pas kapene molehan sekolah iku udan deres ambk dicampur angin sampek molehan sekolah udane gorong terang-terang akhirre aku ambek koncoku navira udan - udan ambek sepatu e d complong akhirre wong loro nyeker karo sampek totok omh q. Tapi seragam putihq ambek tasq gak garing akhirre aq gwe seragam putih dino rebo.
Winda sukmawati(40)
Dolen nak dolor
Wingi minggu aku dijak ayah karo ibu nyambangi dolorku seng loro nak sidoarjo. Budal e jam 8. Sak wis se metu teko lawang dadakno kunci sepadah motore ketinggalan nak jero omah. Dadi ne jendelo omah dicukil gawe jupuk kunci sepedah.
Pas teko sidoarjo ibuku tuku buah. Seng dodolan salah nimbang. Diwarah sak kilo malah didoli rong kilo. Untunge ibu gowo duwek lebih.
Nak sidoarjo mesisan dolen nak dolor-dolor. Ngobati roso kangen seng biasane ketemu mek setahun pisan. Opo maneh ponakanku seng jeneng firda saiki tambah lucu. Biyen nyambangi pas bayi ne saiki wes gede. Dadi gemes nyawange
@Arvianita ☺
pentol mbeledos
Wes sakmene wae yooo
Novian arianti (29)
Kepeh kabeh
Pas winggi senin tanggal 25 iku aku pas kape moleh sekolah ternyata udan dadi gak sido moleh . Akhire aku nunggoni udane sampek terang. Ternyat udane gak terang -terang yo wes akhire aku moleh ae sokale wes sore. Pas aku moleh iku aku nunggoni len suwe seru sampek aku totok omah setengah limo. Sampek-sampek kelambi ku kepeh kabeh gara-gara kudanan. Wes mari totok omah ku langsong jemur kelambi seragam ku seng kudanan mau teros aku lansong ados. Mari ados aku langsong melebu kamar sokale adem seru sokale mari kudanan sisan mau ambek kelambi ku kepeh kabeh. Fitriah kulum (16)
Malem minggu
Pas malem minggu aku dijak arek-arek metu pas malem minggu. Muter-muter gak jelas pas nak gkb. ketemu knco smp metu nak gkb arepe nak mie setan . Pas ketemu knco smp nak mie setan aku nak pps tuku kebab mari tuku kebab longgo-longgo nak swan like ambek mangan kebab.
Mari teko pps otw moleh pas.an moleh iku aku ambek arek-arek tuku martabak nak kampung .mari tuku martabak aku moleh nak umah tros noto pelajaran dino senin
Nur sofiyana /32
Kegiatan dino minggu
Dino minggu aku tangi jam 2 ngewangi ibuk ku masak sampek adan subuh, sawis.e sholat aku turu maneh, tangi jam 9 langsung umbah - umbah sampe jam 11 , sawis.e umbah aku ados mangan turu maneh sampe asar, mari asar, mberseni omah ados pas ndelok Beintehaa sampe magrep, sholat magrep , mari sholat elu tahlilan , marigonoh wiritan hp pas turu.
Lailatul mubarokah (21)
Preian dek wingi
Lan aku ngaso neng ngisor wit, sawis ngaso aku terus mlaku-mlaku meneh, dikana ana monyet, sawis saka kandang monyet aku terus foto-foto, sawis berfoto-foto aku terus keliling meneh aku ketemu padha pawang ula kobra neng ngarep gerbang prau utawa sepeda banyu, sawis delok king kobra aku mudhun mengisor dikana katon ana macan, sawis delok macan aku terus tuku tiket kanggo mrau dayung aku difoto lagi mrau, sawis mrau aku terus mulih dikana aku uga delok ana pawang ula phiton sing gedhe, sawis delok ula phiton aku mulih.
Dumadakan wetengku ngelih aku pangan dhisik neng cfc neng kebon binatang supaya mulihe ora ngelih, wis saiki aku pun wareg pisan, aku mulih menyang omah, arep mulih menyang omah macet meneh, udan neng dalane. Aku wis nganti neng omah aku terus turu.
MAZROATUL JANNAH 22
Melaku melaku nak pasar
Pas dina minggu Mari magrib aku di jak koncoku nak pasar di jak tuku celana .totok pasar kene langsung meleh meleh celana. akhir eh nemu celana seng koncoku seneng terus kene nawar .karo mbak eh asline mbak eh dak gelem terus mbak eh berupa fikiran akhir eh gelem dek tawar dengan harga seng aku karo koncoku nawar mau. Mari tuku celana kene tuku jajan dimek. Tuku mie ayam karo koncoku.mari mangan kene langsung bayar mie ayam eh. Mari ngunu kene langsung mule nak omah ku koncoku gak langsung mule tapi nak omah ku di mek. Totok omahku kene cerita cerita masalah psg neh koncoku kro psg ku enak enak cerita jam eh wes dalu akhir eh koncoku mule nak omaeh
Fitri maulidatul ilmiah(15)
Minggu seru
Aku dino minggu isuk sante nak omah gak lapo-lapo. Gak suwe sahabat smp.ku ngeline aku ngejak metu nak banjarsari. Akhire aku dijemput sahabatku nak omahku. Gak suwe aku ganti klambi mari ngunu budal otw nak banjarsari. Pas lewat banjarsari seng jero dalane gaenak poooooooolllllll garai wong emosi soale pavinge gak roto. Untung isok nglewati karo alon-alon dadi isok ngontrol kecepatane sepeda. Seru poooooolllll broo wkwkwk
Ausonia (07)
Damar kurung
Ketemu sang mantan
Dino minggu aku tangi jam limo isuk, aku tros sholat .
Sak uwis.e sholat aku joging karo konco koncoku, aku joging nang gor.
Pas aku mblayu2 muteri gor, totok tengah tengah aku ketemu karo mantan ku -_- Lah pas aku longgo" aku di parani karo mantan ku. Mantanku nukokno aku banyu poteh ambek pentol, teros aku omong-omongan karo de.e.
Nang tengah-tengah omongan aku di Jalok.i pin Bbm tapi aku sok jual mahal. Wkwkwkw :D
D2N (09)
Tugas gak onok marine
Rasane iku pengen sambat tapi yaopo , soale seng jenenge tugas iku yo wes kewajibane arek sekolah .
Lek pengen gak onok tugas alias nyantai" mending mangan turu mangan turu o bae nak omah :D
Selamete kondisi awak iki kok kuat , lah gak kuat yaopo rek ! Awak lemu e koyok ngene lang kape gak kuat :D
Seng penting usaha ... usaha lan usaha trus pasti tugas" mari kabeh :)
Semangat trus yo rek gawe minggu" iki seng tugase nompok" gak karoan :D
Anis F. (03)
Senin, 25 Januari 2016
Cobaan!!!
Jumat 22-01-2016
Hari jumat guru ku wara nek laporan psg harus dikumpulno.waduh laporane kelompok ku dorong dadi tisan. Terus guruku ngomel-ngomel soal.e arek-arek gak ngumpulno, yo salahe kene tisan seh. Maringono kelompokku dikongkon nak pembimbing sekolah soal.e tugase nak pembimbingku. Pas diparani nak kantor ternyata guru.e gak onok, pas takok nak guru lain ternyata pembimbing ku off (libur). Dadine guruku seng ngongkon ngumpulno laporan psg mau, ngekei waktu sampek senin.
Sabtu 23-01-2016
Aku ambek koncoku nak kantor ngeleki guru pembimbingku. Maringono takok laporane wes ta gorong. Ternyata lali gorong dicek. Jarene wes gak popo diprint. Ambek deloken be.e tulisane onok seng salah. Untunge koncoku gowo laptop, dadine ngerjakno laporan seng tulisane salah.
Senin 25-01-2016
Aku ambek koncoku kape ngeprint nak UPJ, eh ternyata sek tutup. Ngenteni pas istirahat. Maringono aku ambek koncoku ngeprint maneng nak UPJ,ternyata mbak.e metu nak pasar. Ngenteni diluk mbak.e teko. Mari diprint terus di di fotocopy, pas kape di fotocopy tulisan.e onok seng salah. Mbalek maneh nak UPJ ngeprint maneng.
Mbalek nak kelas onok pembimbing ku. Terus print-printan.e tak kekno. Maringono pembimbing ku ngekekno nak ketua jurusan. Suwe titik pembimbing ku teko, wara nek laporan.e salah kabeh!!!!! Gak mangkelno ta wes entek akeh seru terus maringono salah kabeh... MBATEN!!!
Maringino ngerjakno maneh sampek jam 4, terus file.e kape dikekno nak pembimbing psg, Pas digelek.i uwong.e wes moleh.
Ya Allah cobaan!!!!!!
Auliaa/06
Senin Udan
Nikmatul Mufidah (26)
minggu seng cerah
wes 12.00 aku ndelok TV . aku banjur adus. sakwise buyar adus jam 18.30 aku mangan bengi, sakwise buyar pikul 19.00 aku banjur sinau. jam 20.30 aku banjur turu.
FD 14
Minggu, 24 Januari 2016
sekolah
sekolah tambah tahun iku tambah angel. bendino onok tugas, tugas siji dorong mari wes ditambah tugas mane. atek munggu iki tugas ku akeh seru. dadi aku kudu pinter ngatur waktu gawe ngerjakno iku kabeh, cee pas onok pelajarane aku gak usah bingung gawe ngerjakno + kari ngumpulno tok....
# sri wiyani wulandari #
sekolah full day
aku sekolah nak smk nu gresik. nak kono aku kelas 11 pemasaran, nama kerene marketing. sekolahku iki sekolah full day, ya opo gak masuke jam setengah 7 molehne koyok wong kerjo jam 3, tapi kadang jam setengah 3 seh.
pas mari psg tugase mulai akeh, siji pelajaran dikeki tugas dorong mari tugase pelajarane liyo ngekeki tugas mane. leggrek pikiran rek.
tapi sisi positife yo onok seh, aku lebih ketok pinter nak motoe wong tuwoku, polae aku belajar trus nak omah. biyen gak blas soale hahaaha
venny/39
Rabu, 20 Januari 2016
lombok ku sayang ku
Oca 35
minggu wayaku mbabu
wes sekirone ngono crito mbabu ku lekbtaj jelasno tambah nelongso hahahahaha
matur suwon
Novian arianti
XI PM / 39
Moleh sekolah
a.f (01)