Sabtu, 09 April 2016

SURGO TA NEROKO


Nak GKB (Gresik Kota Baru) onok jajanan anyar seng gak tau sepi mesti dikerubungi wong-wong sampek embong digawe parkiran. Nek ditontok ramene garai wong liyo penasaran opo ae seng didol nak kono iku. Ternyata seng didol iku makanan yo onok  mie, onok sego goreng, onok camilan pendukunge iku, karo yo onok ngombene pastine. Hahaha. Tapi seng paleng digoleki yoiku mie ne. Jeneng warunge ae Mie Akhirat. Pilihan menu gawe mie  iku onok mie surgo karo mie neroko.


Aku karo konco-konco wingi dino rebo marani nak warunge. Pengen ngerasakno rasane mie neroko utowo mie surgo. Akhire wingi kene kabeh pesen seng neroko dikeki level 1 sampek 2. Warnae mie ne yoiku ireng.


Mene isuke wetengku mules-mules goro-goro mangan  mie seng kepedesen. Tapi basion ngono yo onok kepingenen baleni maneh. Hahaha jenenge wong ketagihan .




@Arvianita.4

Tidak ada komentar:

Posting Komentar