Selasa, 26 April 2016

Sibuk

Minggu wingi aku sibuk seru soale bude ku ngadakno slametan dadi aku kudu ngewangi masak, noto jajan, ambek bagino jajan nak tonggo". Pas wes mari kabeh dadakno onok koncoe mas dulur ku akeh. Dadi aku kudu ngewangi masak mane gawe mangane koncoe mas dulur ku. Dadi aku mole nak umah wes sore, + garai aku dorong nyetrika seragam sekolah ku.

*sri wiyani wulandari*

Minggu, 24 April 2016

Kartinian

Sabtu wingi sekolahaanku ngadakno kartinian. Aku nyewo klambi sak dandane nak tonggoku dewe. Pas ape dandan aku bingung mronoe jam piro, yo wis aku merono jam 4.15 alhamdulilah dadakno aku urutan no. 2 seng didandani. Aku mari dandan jam 5 isuk trus aku budal nak omahku sukorame foto-foto sek, trus jam setengah 7 aku budal nak sekolahan.
Venny/39

Hari-hari

Minggu-minggu iki akeh seru tugase. Sumpek gak isok ngatur waktund. Sampek kececeran tugas iki. Tapi akeh seng kelompok ambek individu sisan. Tips cara ngerjakno tugas seng numpuk:
1. Ngejak rame-rame ngerjaknoe
2. Sebelum dikumpulno, sak dino sebelume ngerjakno dadi ngerjaknoe semangat
Matur suwon
FD/14

Selasa, 19 April 2016

weteng loro

wetengku loro pirang-pirang Dino iki. rasane iki senep gak karu-karuan rasane iku kudu turu ae Tangi iku gak kuat. trus pas pelajaran onok gurune weteng kumat pas gak onok gurune gak kumat ancene venny 39 venny 39

Rabu, 13 April 2016

UNISMA

Sabtu wingi aku izin gak melbu sekolah soale elu fesban nak nggone malang. aku budal jam 8.

pas nak dalan aku turu ae soale ngantok.
pas totok pasuruan aku ws tangi eh ndelok koco montor dadakno pemandangane subhanallah seruu.

wes nyampek nggon fesban ternyata nak UNISMA. sek ket nyampek, eh dadakno panitiae wara nek ape tampil, padahal sakjane aku tampil jam 2 awan.

mari tampil, aku ambek arek" foto foto nak UNISMA teros ngiyup soale udan dueres pollll. mari udane terang, aku ambek arek" nak nggone Alun alun malang teros molehh
#FAF 18#

rapot

Dino iki rapotan uts tapi bijine gak apik. Dadakno Elek-elek, akeh koncoe seng elek hahah, di syukuri ae hasil usaha dewe. Mugo-mugo isok lebih apik mane.
FD 14

Sabtu, 09 April 2016

SURGO TA NEROKO


Nak GKB (Gresik Kota Baru) onok jajanan anyar seng gak tau sepi mesti dikerubungi wong-wong sampek embong digawe parkiran. Nek ditontok ramene garai wong liyo penasaran opo ae seng didol nak kono iku. Ternyata seng didol iku makanan yo onok  mie, onok sego goreng, onok camilan pendukunge iku, karo yo onok ngombene pastine. Hahaha. Tapi seng paleng digoleki yoiku mie ne. Jeneng warunge ae Mie Akhirat. Pilihan menu gawe mie  iku onok mie surgo karo mie neroko.


Aku karo konco-konco wingi dino rebo marani nak warunge. Pengen ngerasakno rasane mie neroko utowo mie surgo. Akhire wingi kene kabeh pesen seng neroko dikeki level 1 sampek 2. Warnae mie ne yoiku ireng.


Mene isuke wetengku mules-mules goro-goro mangan  mie seng kepedesen. Tapi basion ngono yo onok kepingenen baleni maneh. Hahaha jenenge wong ketagihan .




@Arvianita.4

Minggu, 03 April 2016

SERU POOOLLL




Kemeriahan ulang taun Gresik ke 525 bener-bener nyita perhatian wargane. Akeh acara seng garakno wargane seneng. Misale Gresik Fair nak WEP. Pawai teko Giri sampek Alon-alon, Festival Food Truck nak GKB (Gresik Kota Baru),  Malam Puncak seng diadakno nak Kantor Bupati Gresik. Sek akeh maneh acara kanggo nyenengno warga Gresik.
Seng paleng berkesan yoiku acara Gresik Fair karo pawai. Poale sekolahanne kene dewe yo melu berpasrisipasi kangge meriahno HUT Gresik. Nak Gresik Fair SMK NU Gresik dirikno stand gawe promosikno utowo memperkenalkan SMK NU Gresi nak gonne warga Gresik. Isine tentang jurusan Multimedia, seng isok nyewaknno kamera gawe acara-acara misale : ulang taun, nikahan, sunatan, wisuda, sweet seventeen, sak kabehanne pokoke intine isok nyuting J. Trus gak iku tok isoke pokoke sembarang dingah seng berhubungan karo jurusan Multimedia.

                     
Sijine yoiku pawai. Seng ditampilno nak pawai yoiku menampilan arek tari. Seng melu extra tari dijekek 30 arek gawe nari-nari nak embong teko Giri sampek  Alon-alon. Jarake kiro-kiro 4-5 KM. Sepanjang jalan penari iku megal-bengol nunjukno tarianne seng ditontok ratusan wong Gresik nak pengger dalan. 


Pokoke HUT Gresik ke  529 jos gandos kotos-kotos anti bledos duaaaaarrrr....  hahahaaa

@Arvianita (4)

Jamkos



JAMKOS

Wingi sekolah jam pelajaran ke enem sampek jam ke songo gak onok pelajaran. Gurune ditinggal metu kelas polae onok keperluan. Kelasku mek dikeki tugas. Sak marine ngerjakno tugas, arek-arek langsung nyiapno laptop gawe nontok flim bareng-bareng. Kelas dipasang LCD, spiker salon dinyalakno, lampu dipateni kabeh. Jare dewe kelas koyok bioskop :)

Arek-arek podo turu-turuan nak ngisore LCD dadi koyok iwak pindang seng di jejer-jejer. Jarene salah siji arek “kapan maneh isok koyok ngene, mene nek wes lolos sekolah gak ngiro isok koyok ngene maneh. Dadi saiki dinikmati ae .

Yaa itulah kisah kelasku seng gak onok gurune. Seng penteng kan tugas dimarekno disek baru seneng-seneng. Oke taa .

@Arvianita.4