Senin, 02 Mei 2016

Di tunda

Sabtu wingi aku nak ulang tahune konco ku. Aku wes siap" ket sore. gak sue aku langsung berangkat ambek ngenteni konco ku nak nggon seng wes kene janjino. Pas totok umahe konco ku dadakno sek dorong onok konco ku seng teko. Akhire aku ngenteni konco ku seng liyo. Gak sue udan teko, akhire acarae diundur sampek udan mari.

**sri wiyani wulandari**

Bulet

    Aku kan ape gae vidio tapi akeh persyaratane. Dikongkon gae iki lah iku lah, tapi hasile dijamin apik seh. Tapi ngerti titik po'o aku akeh tugas trus aku gaene kapan. Kongkon gae dewe sisan. Tapi demi vidio aku akan berjuang. GANBATE.
venny/39

Selasa, 26 April 2016

Sibuk

Minggu wingi aku sibuk seru soale bude ku ngadakno slametan dadi aku kudu ngewangi masak, noto jajan, ambek bagino jajan nak tonggo". Pas wes mari kabeh dadakno onok koncoe mas dulur ku akeh. Dadi aku kudu ngewangi masak mane gawe mangane koncoe mas dulur ku. Dadi aku mole nak umah wes sore, + garai aku dorong nyetrika seragam sekolah ku.

*sri wiyani wulandari*

Minggu, 24 April 2016

Kartinian

Sabtu wingi sekolahaanku ngadakno kartinian. Aku nyewo klambi sak dandane nak tonggoku dewe. Pas ape dandan aku bingung mronoe jam piro, yo wis aku merono jam 4.15 alhamdulilah dadakno aku urutan no. 2 seng didandani. Aku mari dandan jam 5 isuk trus aku budal nak omahku sukorame foto-foto sek, trus jam setengah 7 aku budal nak sekolahan.
Venny/39

Hari-hari

Minggu-minggu iki akeh seru tugase. Sumpek gak isok ngatur waktund. Sampek kececeran tugas iki. Tapi akeh seng kelompok ambek individu sisan. Tips cara ngerjakno tugas seng numpuk:
1. Ngejak rame-rame ngerjaknoe
2. Sebelum dikumpulno, sak dino sebelume ngerjakno dadi ngerjaknoe semangat
Matur suwon
FD/14

Selasa, 19 April 2016

weteng loro

wetengku loro pirang-pirang Dino iki. rasane iki senep gak karu-karuan rasane iku kudu turu ae Tangi iku gak kuat. trus pas pelajaran onok gurune weteng kumat pas gak onok gurune gak kumat ancene venny 39 venny 39

Rabu, 13 April 2016

UNISMA

Sabtu wingi aku izin gak melbu sekolah soale elu fesban nak nggone malang. aku budal jam 8.

pas nak dalan aku turu ae soale ngantok.
pas totok pasuruan aku ws tangi eh ndelok koco montor dadakno pemandangane subhanallah seruu.

wes nyampek nggon fesban ternyata nak UNISMA. sek ket nyampek, eh dadakno panitiae wara nek ape tampil, padahal sakjane aku tampil jam 2 awan.

mari tampil, aku ambek arek" foto foto nak UNISMA teros ngiyup soale udan dueres pollll. mari udane terang, aku ambek arek" nak nggone Alun alun malang teros molehh
#FAF 18#

rapot

Dino iki rapotan uts tapi bijine gak apik. Dadakno Elek-elek, akeh koncoe seng elek hahah, di syukuri ae hasil usaha dewe. Mugo-mugo isok lebih apik mane.
FD 14

Sabtu, 09 April 2016

SURGO TA NEROKO


Nak GKB (Gresik Kota Baru) onok jajanan anyar seng gak tau sepi mesti dikerubungi wong-wong sampek embong digawe parkiran. Nek ditontok ramene garai wong liyo penasaran opo ae seng didol nak kono iku. Ternyata seng didol iku makanan yo onok  mie, onok sego goreng, onok camilan pendukunge iku, karo yo onok ngombene pastine. Hahaha. Tapi seng paleng digoleki yoiku mie ne. Jeneng warunge ae Mie Akhirat. Pilihan menu gawe mie  iku onok mie surgo karo mie neroko.


Aku karo konco-konco wingi dino rebo marani nak warunge. Pengen ngerasakno rasane mie neroko utowo mie surgo. Akhire wingi kene kabeh pesen seng neroko dikeki level 1 sampek 2. Warnae mie ne yoiku ireng.


Mene isuke wetengku mules-mules goro-goro mangan  mie seng kepedesen. Tapi basion ngono yo onok kepingenen baleni maneh. Hahaha jenenge wong ketagihan .




@Arvianita.4

Minggu, 03 April 2016

SERU POOOLLL




Kemeriahan ulang taun Gresik ke 525 bener-bener nyita perhatian wargane. Akeh acara seng garakno wargane seneng. Misale Gresik Fair nak WEP. Pawai teko Giri sampek Alon-alon, Festival Food Truck nak GKB (Gresik Kota Baru),  Malam Puncak seng diadakno nak Kantor Bupati Gresik. Sek akeh maneh acara kanggo nyenengno warga Gresik.
Seng paleng berkesan yoiku acara Gresik Fair karo pawai. Poale sekolahanne kene dewe yo melu berpasrisipasi kangge meriahno HUT Gresik. Nak Gresik Fair SMK NU Gresik dirikno stand gawe promosikno utowo memperkenalkan SMK NU Gresi nak gonne warga Gresik. Isine tentang jurusan Multimedia, seng isok nyewaknno kamera gawe acara-acara misale : ulang taun, nikahan, sunatan, wisuda, sweet seventeen, sak kabehanne pokoke intine isok nyuting J. Trus gak iku tok isoke pokoke sembarang dingah seng berhubungan karo jurusan Multimedia.

                     
Sijine yoiku pawai. Seng ditampilno nak pawai yoiku menampilan arek tari. Seng melu extra tari dijekek 30 arek gawe nari-nari nak embong teko Giri sampek  Alon-alon. Jarake kiro-kiro 4-5 KM. Sepanjang jalan penari iku megal-bengol nunjukno tarianne seng ditontok ratusan wong Gresik nak pengger dalan. 


Pokoke HUT Gresik ke  529 jos gandos kotos-kotos anti bledos duaaaaarrrr....  hahahaaa

@Arvianita (4)

Jamkos



JAMKOS

Wingi sekolah jam pelajaran ke enem sampek jam ke songo gak onok pelajaran. Gurune ditinggal metu kelas polae onok keperluan. Kelasku mek dikeki tugas. Sak marine ngerjakno tugas, arek-arek langsung nyiapno laptop gawe nontok flim bareng-bareng. Kelas dipasang LCD, spiker salon dinyalakno, lampu dipateni kabeh. Jare dewe kelas koyok bioskop :)

Arek-arek podo turu-turuan nak ngisore LCD dadi koyok iwak pindang seng di jejer-jejer. Jarene salah siji arek “kapan maneh isok koyok ngene, mene nek wes lolos sekolah gak ngiro isok koyok ngene maneh. Dadi saiki dinikmati ae .

Yaa itulah kisah kelasku seng gak onok gurune. Seng penteng kan tugas dimarekno disek baru seneng-seneng. Oke taa .

@Arvianita.4

Kamis, 31 Maret 2016

fesban smansa

Wingi minggu, aku elu fesban nak nggone smansa.
asline tampil sore,tapi aku teko awan soale onok janji ambek arek arek mbasio bedo grup.
Teros pas sore aku tampil, seneng tapi wedi hahaha
senenge iku fesban dikoncoi arek.e
gak senenge iku kenek pengurangan nilai. eman
#faf 18

Rabu, 30 Maret 2016

WBl

     WBL

Pas dino minggu, 6 maret 2016. Aku sak keluarga ku nak WBL. Pas melbu aku langsung selfi ambek adek ku. Soale mas ku tak jak selfi gak gelem. Ku muter-muter trus sampek nak nggon permainan tapi adekku taknjak numpak permainan gak gelem. Adekku pengen numpak bom” car. Yoweslah aku langsung elu numpAak. Pas aku numpak, aku isin seru. Soale aku gak iso melaku+nabrak" terus, tapi gak masalah pokok.e seneng. Pas mari dolenan aku,adek ku,mas ku tuku ice cream ambk pop mie. Terus kene mangan nk nisor.e wit seng parek ambek laut. Aduh rasane enak seru. Pas mari mangan aku nggolek.i bapak+ibuk ku. Dadakno kene wes dienteni nak njobo.

<SriWiyaniWulandari>

Uts joyo remek

Wingi aku mari uts. Pas uts gurune seng njogo gak enak kabeh, tapi untunge aku iso ngerjakno. Tapi tetap tradisi anak sekolah masih berjalan. Trus mau aku ndelok nilai b.inggrisku iku nilai ta nilai. Innalillahi.
Venny/39

Uts

Dino wingi terakhir uts.e rasa e lego wes mari uts. Opoo gak onok
prei mane yo. Prei mane lak enak..  minggu ngarep mugo -mugo prei ae. Isok mlaku-mlaku mane. Matur suwon. 

FD 14

Minggu, 20 Maret 2016

Gak onok lerene

Dino minggu isuk aku ngeterno adek ku sekolah maringono nak omahe mbqh ku pas jam 10 aku renang karo arek-arek lan adek ku sampek jam 1 an, mari renang aku mangan mari mangan teros ngeterno konco ku moleh sekitar jam 2 an aku totok omah leren dilut seru mari ngono adzan ashar mari ashar dijak ibu ku arisan nak omahe koncoe "PPS" sampek jam 5 teko arisan dijak nak omahe tante ku sampek mari maghrib totok omah aku sembayang maringono ngeterno adek les, muter ae dino iki gak onok lerene. Pegeeelll.....
Sayyidah (36)

Rabu, 16 Maret 2016

Pegel

     aWakku remek kabeh.  Ape melbu sekolah lang pegel kabeh jadi gak semangat ngene iki. Tapi pegelku ilang pas aku ketemu ambek konco-koncoku.
Venny/39

Fesban driyorejo

Wingi minggu, aku elu lomba fesban nak nggone driyorejo. Aku tampil nomer 22. Aku budal jam setengah rolas, tutuk driyorejo jam siji pas.
Terus aku tampil. Aku gregeten gara gara akeh seng salah. Tapi untunge kok ketutupan.
Maringunu pas moleh fesban, akeh kritik saran teko mbak ambek mas seng wes senior.
Yo alhamdulillah berati grupku akeh seng nyayangi 😝😘😘😘
#frisca A.F (18)

Selasa, 15 Maret 2016

Preeian

Preianne kurang suwe. Naggung sak ulan ngnu lo. Gak kroso mene wes mlebu mane. Cepet e tallah. Dadi mene tangi isuk mane, gowo buku, gawe seragam. Trus nak sekolah. Duduk manis  ngerukno guru. Matur suwon :)

FD 14

Renang

Pas preian aku ambk konco ku renang. Awal.e aku gak gelem soale aku gak iso renang. Tapi pas totok nggon renang aku dadi kepengen. Aku mek iso nyelem tok. Terus konco ku ngajari aku cee iso renang. Pas diajari aku ape kelelep. Tapi untung ae aku ditulungi konco ku. Pas nak kolam renang.e
aku ambk konco ku selfi nak njero banyu. Aku seneng seru iso selfi nak njero banyu. Saking enak.e renang+selfi. Gak keroso wes awan. Aku ambk konco ku langsung ganti terus gelek mangan. Mari mangan kene langsung mole.

~SriWiyaniWulandari~. 38

Rabu, 09 Maret 2016

Gerhana Matahari

Dino rebo tanggal 9 Maret 2016 Indonesia gempar karo seng jenenge "Gerhana Matahari" tapi sayange nak daerah ku gak kenek seng total, ketok se tapi aku ketok e mek titik soal e aku dijak ibu ku sholat gerhana nak masjid jami'. Seng sholat akeh seru koyok riyoyo sholat e suwe pisan rukuk suwe sujud suwe sisan 2 rokaat kiro-kiro setengah jam (30 menit) tapi gapopo aku bersyukur aku isok sholat gerhana soal e gorong karuan aku mene isok ketemu gerhana maneh, dungakno se isok ndelok gerhana maneh :D Amiiinn....
Sayyidah (36)

gerhono srengengeh

dino iki mau onok gerhono srengenge.
pas isuk, aku ambek adek elu sembayang gerhono nak masjid danyang.
mari iku aku ndelok nak lapangan danyang ambek tonggo tonggoku. teros moleh
#frisca amrotul f (18)

Nyelekit

Preian iki aku nak omah wae. Koyok babu ambek baby sister. Aku kora-kora, ngedusi adekku, nyapu, ngepel, untunge gak umba- umba tapi aku sakno ambek ibuk sisa, polae mamaku lagi loro, tapi aku mangkel ambek ayahku seng turu tok penggaweanne.

Venny/39

Gerhana matahari

Rabu, 9 maret 2016. Indonesia duwe fenomena seng langkah. Yaiku GERHANA MATAHARI. Aku ambek keluarga ku gak pengen nyia-nyiakno fenomena iku. Aku sak keluarga ku nontok teko ndukur umah ku ambek gawe kocomoto ireng seng peteng seru. Pas aku nontok, massyaallah apik seru. Pelan-pelan mataharine ketutupan bulan. Rasane koyok wes sore. Akhir e aku isok nontok fenomena seng langkah iku langsung..

Sriwiyaniwulandari 38

preian mantu 😀

Preian iki isine mangan turu tok.  Duit sangu dikurangi pisan.  Nak oma yo boring . Mangan turu mangan turu wae males lapo lapo yoan. nganggur pisan. Aslie yo wayae preian ngene iki enak.i liburan . Liburan nak ndi yo pokok.e liburan 😀 tapi sayang? wes dadi arek omahan dadi yo nak oma teros 😭




Nikmatul Mufidah(26)

Selasa, 08 Maret 2016

Wes mbalek

Hapeku dadakno gak mbalek gara-garane gak onok kartue siji. Garane tempat kartune onok loro. Padahal yo onok dikiro hape iku duwe siji. Harus di dekek nak kono kabeh. . Iku hape kan ancen di pasang kartu siji? Opo harus aku cerito. Mangkane ngnu iku takok sek yo. Gak langsung jukuk kesimpulan dewe. Iku menurutku.  emboh menurut wong seng jarene lebih pengalaman. Wes ngerasakno asam garam. Tapine eleng yo ae gak kabeh wong podo koyok pengalaman mu. Jadi ojok di podo-podo no. Matur suwun.

FD.14

Minggu, 06 Maret 2016

eman pol



Pas dino jum'at aku ambek koncoku ngerjakno kendi. Aku ambek koncoku podo mek isok gambar titik tok akhire aku jaok tolong nak pas kongkon ngewangi gambar. Sakwise mari gambar langsung tak warnai. Pas mari kabeh iku podo moleh nak omae dewe" lah pas dino selosoe kongkon ngumpulno kendie. Aku gwo kendie iku ati" seru polae seng gambarno wong spesial :D Tibakno totok bozem onok seng aneh nak kendiku pas tak demok eeee tibak e retak penggere titik. Seng asli kudu tak tangisi polae seng gae wong spesial akhire onok koncoku ngongkon dilem. Akhire aku nurut tapi seng asli rodok eman tp yek opo mameh wes kadong. Mari tak lem ngenteni gareng trs di kumpulno.


Zs





nandur

Pas dino minggu aku dikongkon ibukku gae taman nak pengger omah ben gak sumpek ndelok pemandangan seng ngono" ae. Aku lan ibukku nandur kembang seng akeh jenise, sekalian cek kampung gak ketok gersang dadi ditanduri. Mari nandur kembang aku nyoson kembange nak gon seng tak pengeni dadi isok ketok apik ngono.


Zs(41)

Rabu, 02 Maret 2016

Judule joging

Dino minggu wingi aku lan konco-konco ku joging nak petro, janjiane jam 6 tapi molor sampek jam 7 tapi gapopo seng penteng sek isok joging titik. Sek ket sak puteran ikupun gak full arek-arek wes kepikiran panganan tapi ngenteni loro opo telu puteran, maringono kene tuku pentol korea karo aqua. Marine joging kene foto-foto sampek jam 10, wes keroso panas karo cacing seng nak weteng mulai demo akhire aku lan arek-arek mangan nak aneka sambel, mari mangan sekitar jam 11 an kene moleh dewe-dewe soale wes podo digeleki wong tuo e dewe-dewe.

Sayyidah (36)

Bedengekk ultah

Minggu isuk koncoku ultah yaiku Ausonia Verentina , aku diundang nang ultahe dee jam 10 isuk , veren iku melebu golonganku yen ning skola konco akrabku aku lan arek* podo nyiapno kejutan meneng-meneng gae veren dimulai teko nyiapno kue lan balon , jam 10 aku lan arek* janjian ketemuan niate jam 10 ehh tibak'e jam sampek 11 gara-gara leren ngumpakno balon , njepek kamera lan sepeda dhea atek acara mati-_- akhire pole telat , veren wes nelfon arek* tapi sengojo gadiangkat tibak'e pas totok tengah dalan ketemu veren rencana katene gagal untunge dhea melenggok ben gk ketauan veren , aku lan arek* budal disek lan dhea , sofie budal kari pas kene wes nk tobys dhea teko lan ngekeki veren roti lan nggowo balon  kitem kali iki lumayan meriah soale podo* seneng kabeh :D

Iswatii (19)

Plembungan

Pas dino minggu q ambek arek* di undang nang acara ultha ne ausonia seng ke-17 nang toby's jam 10 isuk. Tapi arek" teko nang toby's jam stgh 12 soal e arek" sibuk gelek roti ambek plembungan.
Pas pelembungane di sebul moro" pelembungane mbledoss aku ambek shofi njerit2 nang dalan sampek di deloki ambek uwong" ..
Wkwkwkwk =D

D2N (09)

Ultaheee

Dino minggu wingi aku mbek arek2 dijak Aus mangan2 dalam rangka ngerayakno ultahe. Kene janjiane jam 10.  Tpi aku mbek arek2 teko.e jam 11.an.  soale aku ambek arek2 ate ngekei suprise . tpi gak sido dadi suprise, soal.e Wes kepetok mbek verren nak dalan...
Gagall Wess dadi.e..
Tpi gapopo, sek tetep seru kok acara.e :-D

Atul.A#05

wong 6

wingi minggu, aku ambek arek arek janjian gae jogging.
janjine jam 6 dadakno kumpul jam setengah 7.
yowes lah gakpopo. terus aku ambek arek arek langsung joging sampek jam 8. maringunu aku ambek arek arek langsung foto foto sampek jam 10.an
akhire arek arek wetenge luwe. yowes mangan nak aneka sambel.
maringunu moleh.
°° Frisca amrotul (18)°°

Selasa, 01 Maret 2016

Dikejar polisi :-) Kabuuuurrrrrrrr :-p

Wingi seloso , aku disusul arek.  Trus kate nak pps,  totok tengah- tengah perjalanan di elok.i uwong tekk mburi,  moro- moro nyegat.  Dadakno iku polisi,  ngincer sepeda seng tak gae,  soal.e sepeda iku akeh tunggak.anne.  terus aku ambek konco q langsung kaburrrrrrr ae.  Tapi sek tetep dikejar polisi. 

A.J (01)

tugas gk kelar-kelar

Dino seloso pegell puooll . Mari teko sekolah aku dikongkon ngeresik.i omah . Dalune dikongkon.i terus . Dino rabo isuk.e tugase akeh seru.  Gk mari-mari. ngerjakno iki kudu ngamok ae.  Tapi wes digae sabar wae.  Tapi ati iki temen rasane kudu nanges.



Nikmatul Mufidah (26)

Senin, 29 Februari 2016

Hunting loooo

Minggu wingi aku ambek konco ku mlaku". Kene janjian ketemuan.  dadakno konco ku wes teko kabeh. Marie aku totok. Kene langsung budal. Trus mlaku mlaku muter muter sampek pegel. Saking pegele mlaku" weteng ku luwe, akhire kene mangan bakso nak pinggir dalan.

°°°Sri Wiyani Wulandari°°°

Seneng tok.

Aku mlaku-mlaku. Pokoke seneng. Trus aku sakdino langsung telu kota. Rasae pegel,seneng, campur-campur wes. Gaisok diungkapno ambek kata-kata mane. Pengen ero aku nakndi. Cobaen ditebak sek yo. Matur nuwun

FD 14

Minggu, 28 Februari 2016

Walking-walking ambek arek-arek

          Mau aku mlaku-mlaku ambek arek-arek. Aku gae klambi couple ambek koncoku, warnae tok seh. Trus mau pas nak perjalanan ban sepedae koncoku bocor, molor deh perjalanane. Tapi pas totok nggone gak sepiro'o awan seh, trus mari bedok moleh deh.
Venny/39

Kamis, 25 Februari 2016

Mingguan

Dino minggu wingi jadwal ku padat seru. Mari sembayang shubuh langsung resik-resik omah. Dilanjut umbah-umbah klambi sak ranjang bek. Mari ngono ngumbah sepedah seng rusuh kabeh mergo kudanan terus. Jam 10 budal nak sanggar. Istirahat jam 1 dilanjut kerja kelompok nak pojok omah.e feliya. Sak maringne kerja kelompok arek-arek mamper tuku kendel nak wong dodol kembang gawe tugas seni budaya yoiku gambar batik nak kendel. Mari ngono balek maneh nak sanggar polae onok materi tambahan samapek jam setengah 5.

Teko omah kape magrib sampek diseneni poale ben dino minggu gak tau nak omah.
#Arvianita. ☺

Rabu, 24 Februari 2016

Razia sabtu

Dino sabtu iku dino seng menurutku sante pol mergane bengine kuwi malam minggu wayah.e WAKUNCAR hhhuuuuaaassseeekkk eh tibak.e nak sekolah onok razia hp seng garai kaget lan syok. Gak suwe hp dijalok gk sempet ngehapus tpi gapopo pokok.e hp.ku balik sempet resah se wedi gk balik soal.e malming gaisok ngabari pacar yuuuhhhhuuuu

Ngetrip

mau sore, moleh sekah aku nang nggone panti asuhan nak nggone pongangan ambek dhya, dea, lan natha.
pas totok KIG, gerimise gede gede dadine loro kan.
lah iku aku ambek arek arek langsung jemek kabeh. pas apene nggolek nggon ngayup, eh dadakno udane leren.
yowes akhire aku ambek arek arek lanjut perjalanan sampek nak panti iku mau.
marine teko panti, aku ambek arek arek weteng luweh, yowes akhire andok mi setan GKB.
maringunu moleh
#Frisca Amrotul (18)

Galau

         Senin wingi aku presentasi b.indon. aku ndredeg kabeh untunge gak onok seng salah. Trus areg-areg yo akeh seng takok karo debat. Mari presentasi aku nangis, trus areg-areg akeh seng takok, areg-areg wedi nek aku nangis gara-gara akeh seng takok mau pas aku presentasi, tapi alasane duduk iku. 😀
Venny39

Moleh sekolah..

Wingi aku moleh sekolah jam set 3 aku totok omah jam 3. Sakwise ganti klambi aku langsung mangan. Trs dilanjut nyapu ngepel karo sholat. Trs dontok film UTARAN. Pas Enak2 dontok film iku. Umikku nyelok kongkon ngering kumba.an. akhire aku ngering kumba.an mbek dontok tv gampek maghrib..

Atull.05

Kepanasan

Pas dino minggu, aku dijak koncoku muter* gaonok tujuan.
Akhire koncoku meleh nak ppl(pasir putih lamongan).
Tak pikir nggone parekk.
Ee tibak.e adoh,wes kenek macet panas sisan.
Barang wes ttok aq karo koncoku parkir spda motor karo tuku karcis gae melbu nk panta.ie.
Ee tak pikir panta.ie iku apik tibak,e podo wae koyok nk lumpur (hahaha).cuma bedone mek pasir'e tok :D
Panas'e poll seruu weyy nggarai kulit dadi ireng :D

Cukup semene wae .
Suwon :)
F_H(17)

Melu ultah

Dino iki apes seru aku dijak dolorku melu ultahe ponaanku nagk ayam bakar wong solo budale numpak montor nagk montor guyonan terus ambk dolor dolorku pas totok kono aku ambek dolor dolorku ngewe soale segoe gak diterno terno sampek sampek jamuren akhirre segoe diterno terus mangan bareng bareng dadakno pas molene montore bane kempes dadine aku ambk dolorku ngenyeni suwe nagk kono terus akhirre montore wez teko mari nagk tambal ban akhirre aq lngsung otw mole

Winda sukmawati/40

Selfi di sek broo

Pas dino sabtu aku budal sekolah rodok kawanen tapi untung.e kok gak terlambat, aku ceklok Tapi gaisok amergo tangan ku sek jemek. Teros yaopo mane wong iki jam e wes mepet akhir.e aku ceklok nang duwor isok alhamdulillah:-) maringunu aku nang kelas Teros moco al-quran. ben isuk moco al-qur'an nang sekolah an ku iku hukum.e WAJIB.mari ngaji Teros do'a. Bel wes muni pelajaran jam pertama dimulai, pelajaran pertamaku IPA rodok sue engkas bel jam ke-2 totok tengah2 jam ke-2 moro" guru Bk teko nang klas ku ambek njupuki Hp (razia) arek" keweden kabeh wedi gak di balekno, lek gak di balekno engkok lak gaisok malam mingguan hahaha :-D hp ku gaonok isi seng ngawur2 tapi aku wedine pas di balekno dino senin, akhir e pas istirahat aku nang kantor delok.i hpku eh pas aku nang kantor ketepakan bu ummi ngoreksi sang hp, dadi yo aku isok delok hahaha :-D bu ummi ate deloki foto"ku tapi keliru mbukak camera, marungunu aku di jak selfi ambek bu ummi gae hp ku.hahaha. gak sue titik hpku di balek no soale hpku bersih gaonok opo"ne seneng seru aku.

D2N (09)

Dino minggu

Dino minggu wingi aku tangi jam 5 aku langsong sembayang teros jam 6 aku joging, aku budal karo adek tapi adek tak terno nak omah e konco e soal e adek ku ape nak WEP lah aku joging sampek jam 8 an aku moleh tapi gak langsong moleh nak omah e mbah ku sek ape njalok mangan hahaha :D, dadakno nak kono onok ibuku dadi aku moleh ambek ibuku, nyambong gak nyambong iki cerito ku hahaha... :D      Sayyidah (36)

Sabtu apes geng

Dino sabtu aku kawanen tangi , amerga alarm hpku mati aku kebablasen tangi sampek jam 06.15 aku tangi gopoh* langsung ados lan noto buku seng dorong rapi aku ados cepet*tan lan langsung budal sampek gasempet sarapan amerga wes kawanen , aku budal tekan omah jam 06.30 tibak'e totok dalan macet-_- perkirannku meleset lan aku totok sekolah jam 06.45 tibak'e pas absen wes onok guru bp seng njogo lan aku kelebu siswa sing telat-_- sakmarine nulis peanggaran nak buku yen telat aku melebu kelas, sek ket longgoh dilut ehh tibak'e onok razia hp , laa razia iku dadak'an ora onok seng ngerti , akhire arek sakkelas podo bengong lan kaget hpku kesita lan dibalekno yen ora onok masalah yen hpne bermasalah ora dibalekno. moleh sekolah aku ora mulih amerga ngenteni hpku sampek jm setengah 2 untunge hpku ora kenek masalah lan dibalekno tapi apese iku wes telat atek acara razia hp barang-_-

Iswatii (19)

Selasa, 23 Februari 2016

Galau

         Senin wingi aku presentasi b.indon. aku ndredeg kabeh untunge gak onok seng salah. Trus areg-areg yo akeh seng takok karo debat. Mari presentasi aku nangis, trus areg-areg akeh seng takok, areg-areg wedi nek aku nangis gara-gara akeh seng takok mau pas aku presentasi, tapi alasane duduk iku. 😀
Venny39

Mlaku-mlaku tapi numpak sepeda

            Aku ambek arek-arek mlaku-mlaku, muter -muter, ndelok-ndelok tok. Trus sampek sore, trus mariku moleh. Matur suwon.
FD 14

Mlaku~mlaku

Pas mole sekolah wingi aku ambek konco ku nak rumah warna seng gak adoh teko sekolah ku. Nak kono aku ambek konco ku nontok" tas. Aku seneng ambek salah siji tas seng nak kono. Tapi duduk gawe aku, aku pengen nokokno adek ku tas sekolah, tapi yo ngono duek ku sek kurang dadi aku kudu nyelengi mane. Mari nontok" aku ambek konco ku nak elisabeth, nak kono akeh tas apik" tapi akeh"e gawe wong gede. Pas nak kono aku iling lek bulan ngarep ibuk ku ulang tahun, aku pengen ngado ibuk ku+aku yo wes ngerti opo seng pantes gawe ibuk ku. Dadi mulai saiki aku nyelengi cee aku iso tuku kado gawe ibuk ku. Lek duek ku wes cukup aku jaluk terno konco ku gawe tuku kadoe ibuk ku.

°°°Sri Wiyani Wulandari°°°

minggu pegel

Dino minggu aslie wayah.e istirahat total.  Aku dikongkon ibu ngurusi omah.  Gk lali umbah-umbah.  Pegel wes pasti.  Tapi yaopo maneh iku kerjoan lek dino minggu.  Dino - dino biasae yo ake tugas sekolah.  Seng gak onok leren.e.  kadang aku yo pegel nyawang tugas akeh koyok ngono.  Tapi yaopo mane?  Yo wes lah bersyukur ae.





Nikmatul Mufidah (26)

Kamis, 18 Februari 2016

Nasib !!!!!

Seloso sore aku karo koncoku niate kape nak malang
Aku nyiap-nyiapno seng kape digowo
Sak wiseh nyiapno sembarangane
Akuu langsung nak omahe konco ku gawe takok informasi sido opo gak e
Ternyata akhire memang sido berangkat
Tapi kehendak allah berkata lain
Wongtuo gak ngolehi berangkat akhire aku karo konco-koncoku norot bae
Akhire gasido nak malang

AF (03)

Rabu, 17 Februari 2016

Kanfas

Pas dino jumat aku moleh sekolah jam setengah siji tapi aku gak langsong moleh tapi aku kerja kelompok disek, aku kerja kelompok ngerjakno tugas seni yo iku tugase gambar nak kanfas eh tenyata kerja kelompoke gak ngerjakno seni tok tapi ambek ngerjakno tugas ipa teros aku karo konco - konco ku ngerjakno'ne gantian. Sak marine kerja kelompok aku moleh jam 3 sak doronge moleh aku tuku jajan tela - tela karo kudanan sak marine iku aku langsong moleh tapi aku nunggoni len sowe akhire aku totok omah jam 4 sore.

Fitriah kulum ( 16 )

Rebo Bengi

Sedino iki aku lagi males lapo-lapo pengen.e turu. Mood.ku gak memadai. Mau ishak aku mari sholat adek.ku sinau. Aku gak ngreken de.e gak suwe lambene ireng kabeh, tibak.e spidol ireng disedot. Elah dek-dek onok-onok ae acaramu iku turu lak enak. Tpi yo lucu se hahha. Wes aku bingung ape ngepost yaopo maneh. Intine aku saiki BAD MOOD

Ausonia(07)

Polisi Mbois brooo

Dino seloso wingi kls XI PM ditekani polisi wedok lan lanang sg mbois2 . Polwan karo polisi.e ngekeki motivasi sg apik gae kls XI PM . Ngewehi cerito tentang narkoba lan koruptor . Sakwise iku Kakak polisi.e cerito yen tanggal 29 Februari sesok wayah.e kelulusan pendidikan polisi . Amarga polisi.e mbois2 lucu ngguyokno, aku lan arek2 ngajak.i foto karo polisi lan polwan.e mau .

(Riska Diah Puspita Adiningrum/33)

Bedengek hunting

Dino minggu aku,nisa,riska,dina dolen bareng" asline ate dolen nang Pasir Putih (Pp) Tapi gak sido,akhir.e aku ambek arek" sidone hunting. aku ate hunting nang Bgs Tapi gak sido:-( soale pas nang manyar onok polisi akeh nang pinggir dalan. Yowes akhire aku hunting nang manyar -_- wes totok gon.e aku ambek arek" nglewati dalan jembatan kayu seng nisor e iku sungai WAWwww merinding.:-D Lah anisa gak wani nglewati jmbatan iku, Tapi ambek aku tak pekso Hehehe nang tengah" jmbatan anisa njerit" soale kewedan,ambek arek" malah di wedeni  😁 tangan.e anisa ambek ngremes tangan ku.

D2N (09)

Nguliner Jrenggg

Dino minggu wingi aku tangi isuk amerga duwe rencana nguliner bareng arin koncoku seng wes koyok dolor dewe, amerga jarang ketemu ambk arin aku nyempetno waktu gae qtime karo arek'e, aku lan arin ngelakoni kebiasaane kene seng senengane nguliner :D minggu isuk aku cuss budal ambk arin nang mie pangsit langganane kene sing onok nang gkb, sakwise mangan mie pangsit aku ngeflod nang mcd , sakwise iku sekitar jam 11an aku luwe maneh lan tuku sego bebek jayanti, marine mangan sego bebek ehh tibak'e kepengen bakso , sakmarine mangan bakso tibak'e nemu wong dodolan ceker pedes aku lan arin tuku ceker pedes lan es degan wesss suegerr maknyusss :D sakmarine iku aku lan arin langsung cuss mole , kudu ngguyune iku ancen aku karo arin iku gaonok wareke :D 

Iswatii (19)

Kaget_Poll

Rabu mole sekolah jam 3 mau.
Wayae mole sekolah aku nak pasar disek kape tuku sandal.
Muter* nk toko sandal ndelek sandal seng aku kepingini tibak.e ketemu,tibak'e gaonok nomere apesss??!!!..
Barang gaonok aku mole karo konco.ku aku omong*an yo guyonan..
Sek ket totok gang aku kagett ndelok nggarep oma.ku akeh wong karo onok kloso.
Aku langsung mlaku banter,awk,ku nderedek kabe.
aku wedi lek keluarga.ku onok opo*..
Barang aq wes totok tibak.e tonggoku seng meninggal.

Cukup semene wae??

Suwon .
F_H (17)

Gak sak grup gak berati musuh

Aku ambek arek" dawaul qolbi wes gak tau kumpul bareng.
Paleng gara" sekolae bedo, gak tau latian bareng, ketemu ae gak tau ndaniyo latian.
Sakdurunge iku onok konflik titik nak grupku gara" wong 1, akhire aku ditawani gabung ambek alaa hajar. yo tak terimo bae lah daripda nak omah gak lapo" nek nganggur.
Tapi, antara aku ambek arek liane sek onok silaturrahmi seng apik.
Rencanae iki nek gak dino kemis yo minggu bakalan ketemu ambek arek iku.
bismillah sido yaAllah...
aku kangen ambek dawaul qolbi.
#frisca amrotul (18)

Minggu

Pas dino minggu aku tanggi jam 05.00 terus sholat subuh wes mari sholat aku turu mane tanggi-tanggi  wes jam 06.00 aku ngeresik.i kamar mari ngono aku ngewang.i ibu masak pas wes mari aku mangan terus ngono aku umba-umba sak mari ne iku aku delok tv karo nyatai. 
Suwon...
Navira Yulia A.(25)

Ketemu wong ganteng

Pas iku jam 9 isuk aku seneng seru, soal.e aku ketemu wong ganteng.😀😀😀 Pas tak delok wong ganteng.e iku ternyata personil.e one direction. Ya Allah ngimpi opo aku isok ketemu personil.e 1D. Maringono aku njalok foto bareng, aduh uwong.e iku gak sombong blass.
Terus mari foto uwong.e iku langsong ilang.. gak ero ilang nak endi. Pas aku ngelek.i gak onok uwong blas. Maringono aku tibo. Pas aku tangi tibak.e aku mimpi.
Hahahhaha😢😢😢 ternyata hanya mimpi!!!!!

Auliaa /06

Selasa, 16 Februari 2016

Wes di rencanakno ternyata gak sido

Pas hari jum'at koncoku arek lamongan seng tauh psg nak ramayana iku telpon tak sangkakno sopo seng telpon ternyata koncoku tak angkat telpon eh  mari ngunu koncoku muni apek merene tanggal14 nak ramayana terus aku muni jam piro rene. Areeh ngomong gak ro il orok mene ae. Mari ngunu tak jawab yo wes nek rene ojok lali ngabari aku akhir eh telpon eh tak pateni. Mari koncoku telpon mau tak tinggal turu soaleh ngantuk. Pas aku tangi onok panggilan tak terjawab ternyata koncoku arek lamongan mau.
Pas tanggal 14 isuk aku di bbm karo koncoku ternyata areeh gak sido rene soaleh onok masalah. Ealah tuwas pengen ketemu soaleh wes suwe gak ketemu ternyata koncoku gak sida rene.terus pas tanggal 16 aku di sms koncoku areeh wes nak ngersik. Pulsaku entek aku jalok pulsa nak koncoku gawe sms arek iku mau tak bles'' awakmu nak endi '' langsung areeh bles '' aku nak ramayana reneo '' tak bles mane '' aku sekolah lang '' di bales karo koncoku '' yo wes nek ngunu '' dalam atiku pengen ketemu tapi rene dadakan ealah nasib 😒

Matur suwon 😃

Fitri maulidatul ilmiah(15)

Kerkel

Pas dino iku dino jumat aku ambek konco koncoku kerja kelompok gambar batik nagk kanvas terus kerja kelompoke iku nagk omahe koncoku jenenge sofi pas totok omahe sofi aku ambek konco koncoku ngerjakno disambi guyonan terus pas apene mole aku bengung njalok sosol sopo soale navira bareng seli akhirre aku nonot seli ae soale gak onok seng nyosol akhirre aku, seli ambek navira badrekan wong telu molene

Winda sukmawati
40

Iki blog.ku

Dino iki onok polisi teko nak sekolah. Jelasno  narkoba. Polisine onok 5 lanang ambek wedok 1. Trus foto-foto ambek polisine. Sering bareng. Pokoke isine iku guyu trus.mari disek ceritaku minggu iki.  Matur nuwun. FD 14

ketekan polisi

Dino seloso tanggal 16 februari sekolah ku ditekani polisi ayu karo siswa-siswa polisi seng ganteng-ganteng hahaha :D, kene dikei penyuluhan tentang narkoba lan titik tentang kenakalan remaja, mas-mas lan mbak iku yo nyeritak no titik tentang pengalaman e sekolah nak kepolisian, dadak no sekolah polisi iku seru tapi rodok medeni hahaha :D marine iku sekitar jam 12 waya e kene istirahat duhur lan sholat duhur polisi-polisi iku pamet, tapi sak gorong e pamet kene kabeh dijak polisi-polisi iku foto bareng lan arek-arek onok seng foto dewe karo salah siji polisi, pokok e dino seloso iki seneng gak onok pelajaran full tambah onok polisi seng ayu lan ganteng-ganteng. Hahaha :D

Sayyidah (36)

Senin, 15 Februari 2016

Sedino karo awakmu

           Minggu seng padang, aku mlaku-mlaku ambek awakmu. Aku muteri gresik ambek awakmu. Mangan bareng ambek awakmu. Ket jam 9 sampek setengah 3 sore. Foto bareng, ngguyu bareng, jalan bareng, ngomong bareng. Seneng seru rasane, aku gak pengen moleh. soale nak omah sumpek. Tapi untunge pas moleh aku gak diseneni :-D

Venny /39

Tanggal Abang Dino Senin

Tanggal abang dino senin wingi .  Aku aslie pengen nak omah ae . tapi onok tugas kerkel ipa . dadi yo ngerjakno kerkel nak oma.e Anis . nak kono kene koyok.e ngerepotno jajan e akeh . terus ape golek katalok nak hypermat udan deres . dadi gak sido . nak oma.e Anis karo turu-turu enak hawane adem pisan.  Mole-mole jam 5 sore. Dadi sedino nak omae Anis .


Nikmatul Mufidah (26)

Minggu, 14 Februari 2016

Tugas tok

Akhir" iki tugas ku numpuk akeh. Aku sampek bingung ngerjaknoe. Untung ae tugas sbk ku seng di kongkon gawe lukisan batik wes mari, karek tugas seng nak kendil tok. Dino sabtu wingi onok jam pelajaran seng kosong dadi aku ambek kelompok ku langsung ngerjakno tugas indonesia gawe power point. cee engkok pas mole gak usah atek kerja kelompok mane dadi langsung mole. Menesoke dino minggu iki ketepakan dino valentine tapi aku gak onok acara gawe dino iku. Aku ngisi minggu iki ambek kegiatan ku seng biasae tak lakoni bendino. Aku sedino iki mek sinau ambek nontok tv tok. Terus sore.e aku nyetriko seragam sekolah ku ambek seragam sekolahe adek ku, dadi mene karek gawe tok. Terus bengie aku sinau mane soale tugas ku onok seng dorong mari.

***Sri Wiyani Wulandari***

Rabu, 10 Februari 2016

hp telbok

Pas dino jum'at  aku ngeterno koncoku garap tugas bahasa indonesia nak bukit kapur aku ngerekamno koncoku lah hpku tak dekek nak nisor pas mari ee tibak e hpku telbok menisor. Mari ngono hpku dijepekno karo dewi lah mari ngono arek arek modon kabeh sakwise modon langsung nak KFC nge lanjutno tugas bahasa indonesia. Tugas e kelar kabeh langsung moleh nak omae dewe". Pas mbari moleh aku langsung umbah" e tibak e malah hp nyemplong nak banyu apes seru pas dino jum'at wingi..

Zs (41)

Dino pegelkuu

Dino iki aku izin gk melbu sekolah soal.e tante.ku seng nak sby kawinan. Aku kongkon dadi trima tamu.e . Aku budal nak sby jam set 6. Tapi aku tangie jam 4. Aku totok sby jam set 7. Aku langsung ngewangi2 titik. Pas jam 11, sek ate.e aku merem. aku  d.kongkon siap2 soal.e ate d.Paesi. sakwise d.paesi aku landung d.kongkon mengarep gae nyambut tamu. Acara mari jam 4. Aku lansung istirahat dilut . Mari maghrib acara.e lanjut, aku yo dadi trima tamu neh gampek dalu. Tapi gk sampek suwe aku dadi trima tamu aku mbalek soal.e ndas.ku wes mulai ngelu..

AtulA(05)

Tugas tok broooo

Kelas 11 waktu.ne PSG. Selama PSG iku lepas teko tugas suwine 3 sasi. Sak marine PSG tugas soyo akeh lan bingung garap'e. Sak bendino mesti onok ae PR emboh iku akeh opo sitik. Tapi seng jelas nek PR iku mesti akeh tugas'e. Sampek rasane driji iki kemeng lan cenut-cenut. Ealah emboh trimo ae lah jenenge sekolah yo ngene iki. Gelem ga gelem kudu gelem. Nek gak gelem gak ngara oleh biji hahha

Ausonia(07)

Pokok,e Dolen

Dino sabtu Pas marie mole sekolah aku dijak konco*ku tuku kendi kanggo pelajaran seni budaya.
Aku lan konco*ku mumet ndelek seng dodol kendi,tibak e ketemu seng dodol kendi .
Sak marie tuku kendi aq karo konco*ku cus nk omae konco.ku.
Sak marie totok aq karo konco.ku podo tuku jajan,sak suee,e dolen .
Ndelok jam wes jam 02.24 akhire aku karo konco*ku pamit mole ..

Cukup semene wae..
Suwon:)

F_H(17)

Udan Udan Mbaksoooo

Dino rabu iki ketepak'an udan deres, aku lan arek-arek kate moleh sekolah gaisok moleh amerga udan, ambek ngenteni udan terang aku lan arek-arek cerito yen fia ketua kelase kene iku ibuke dodolan bakso , aku karo dhea pole kepingin amerga udan-udan iku paleng enak mangan bakso, lan amerga  jarene arek-arek bakso gawenane ibuke fia iku enak , aku lan dhea moleh sekolah langsung cuss nak omahe fia tuku bakso , amerga dalan omahe fia iku onok seng dibuntu akhire aku bengong lan muter* ndeleki omahe fia sampek kudanan, mari mumet* akhire aku karo dhea nemu omahe fia lan mangan bakso nak omahe fia , sampek  nambah* teros baksone amerga enak:D opomane dhea sampek kepedesen ngeweh* amerga yen ngekek'i sambel uakeh :D. Lucune iku udan-udan diterabas mek kanggo sakmangkok bakso :D

Iswatii (19)

Udan Deres

Dino senen wingi aku udan - udan karo koncoku. Aku mulai udan-udan iku jam setengah telu . Polae udane deres seru dadie aku kepengen udan-udan. Pas udan-udanan aku karo koncoku kaget polae onok kilat sing medeni lan geluduke banget seru. Teros aku mlaku-mlaku nak embong dadakno embonge banjir. Pas jam setengah 5 sore aku mari polae keademen. 

SHOCHICHATUL MURSYIDAH (37)

Renang ng bkit awan

Pas dino minggu tanggal 7 februari rongewu enem belas ak lan dlor q renang ng nggone bukit awan ak lan dlor q bdal tko omah jam 10.00 totok ng bkit awan jam 11.20 maringono pas totok kunu ak lan dlor q gnti klambi gwe renang maringono ak lan dlor q njegor ng kolam renang

Pas jam 02.00 ak lan dlor q ganti klambi akhire mole deeh

Mizkie Azama(23)

seloso banyu udan

Pas dino seloso aku kerja kelompok ngerjakno tugas e bu dwi nak omae combeng , pas tepak udan , babah udan pokok tugase wes mari pas aku mari nyosol peyek nak perjalanan ate nak omae riska aku ambk peyek spdaan pelan-pelan ben gak sepiro jemek moro-moro teko mburi onok wong banter tros aku kecipratan banyu udan maringono peyek moreng-moreng torojawane pelan* ben gak jemek mala diciprati. Pas totok omae riska guyonan dilut tros ngerjakno tugase bu dwi

Combeng (35)

Fesban part 3

Minggu wingi, tanggal pitu rongewu nembelas.

Grupku elu lomba nak nggone ngasin,balongpanggang.
Lah grupku oleh nomer terakhir dewe yoiku selawe soale lombae mek tingkat kecamatan. Lah grupku melu banjarsari.
Aku ambek arek arek budal jam 1, sakinge arek arek teko setengah telu. Mesisan ngenteni mbak arum soale gak latian blas.
Teros aku ambek arek arek lngsong budal nak ngasin.
Ngenteni pengumuman dadakno alhamdulillah juara telu

Udan.ne awet

Pas dino sabtu wingi jam15.00 udan nak omah.ku untung.e ape magrib iku geremes dadi aku karo mbak ku metu muter-muter delek jagung godok akhir.e entok nak Gkb pas wes tuku aku langsung mole. Terus pas totok omah udan mane tapi untung ae wes totok omah dadi gak keudanan wes jam 21.00 ape turu tapi gak isok turu gara-gara geluduk e banter seru tapi akhir.e yo keturon pisan. Sampek dino minggu isuk sek geremes terus.

Suwon.
Navira Yulia A.(25)