Kamis, 31 Maret 2016

fesban smansa

Wingi minggu, aku elu fesban nak nggone smansa.
asline tampil sore,tapi aku teko awan soale onok janji ambek arek arek mbasio bedo grup.
Teros pas sore aku tampil, seneng tapi wedi hahaha
senenge iku fesban dikoncoi arek.e
gak senenge iku kenek pengurangan nilai. eman
#faf 18

Rabu, 30 Maret 2016

WBl

     WBL

Pas dino minggu, 6 maret 2016. Aku sak keluarga ku nak WBL. Pas melbu aku langsung selfi ambek adek ku. Soale mas ku tak jak selfi gak gelem. Ku muter-muter trus sampek nak nggon permainan tapi adekku taknjak numpak permainan gak gelem. Adekku pengen numpak bom” car. Yoweslah aku langsung elu numpAak. Pas aku numpak, aku isin seru. Soale aku gak iso melaku+nabrak" terus, tapi gak masalah pokok.e seneng. Pas mari dolenan aku,adek ku,mas ku tuku ice cream ambk pop mie. Terus kene mangan nk nisor.e wit seng parek ambek laut. Aduh rasane enak seru. Pas mari mangan aku nggolek.i bapak+ibuk ku. Dadakno kene wes dienteni nak njobo.

<SriWiyaniWulandari>

Uts joyo remek

Wingi aku mari uts. Pas uts gurune seng njogo gak enak kabeh, tapi untunge aku iso ngerjakno. Tapi tetap tradisi anak sekolah masih berjalan. Trus mau aku ndelok nilai b.inggrisku iku nilai ta nilai. Innalillahi.
Venny/39

Uts

Dino wingi terakhir uts.e rasa e lego wes mari uts. Opoo gak onok
prei mane yo. Prei mane lak enak..  minggu ngarep mugo -mugo prei ae. Isok mlaku-mlaku mane. Matur suwon. 

FD 14

Minggu, 20 Maret 2016

Gak onok lerene

Dino minggu isuk aku ngeterno adek ku sekolah maringono nak omahe mbqh ku pas jam 10 aku renang karo arek-arek lan adek ku sampek jam 1 an, mari renang aku mangan mari mangan teros ngeterno konco ku moleh sekitar jam 2 an aku totok omah leren dilut seru mari ngono adzan ashar mari ashar dijak ibu ku arisan nak omahe koncoe "PPS" sampek jam 5 teko arisan dijak nak omahe tante ku sampek mari maghrib totok omah aku sembayang maringono ngeterno adek les, muter ae dino iki gak onok lerene. Pegeeelll.....
Sayyidah (36)

Rabu, 16 Maret 2016

Pegel

     aWakku remek kabeh.  Ape melbu sekolah lang pegel kabeh jadi gak semangat ngene iki. Tapi pegelku ilang pas aku ketemu ambek konco-koncoku.
Venny/39

Fesban driyorejo

Wingi minggu, aku elu lomba fesban nak nggone driyorejo. Aku tampil nomer 22. Aku budal jam setengah rolas, tutuk driyorejo jam siji pas.
Terus aku tampil. Aku gregeten gara gara akeh seng salah. Tapi untunge kok ketutupan.
Maringunu pas moleh fesban, akeh kritik saran teko mbak ambek mas seng wes senior.
Yo alhamdulillah berati grupku akeh seng nyayangi 😝😘😘😘
#frisca A.F (18)

Selasa, 15 Maret 2016

Preeian

Preianne kurang suwe. Naggung sak ulan ngnu lo. Gak kroso mene wes mlebu mane. Cepet e tallah. Dadi mene tangi isuk mane, gowo buku, gawe seragam. Trus nak sekolah. Duduk manis  ngerukno guru. Matur suwon :)

FD 14

Renang

Pas preian aku ambk konco ku renang. Awal.e aku gak gelem soale aku gak iso renang. Tapi pas totok nggon renang aku dadi kepengen. Aku mek iso nyelem tok. Terus konco ku ngajari aku cee iso renang. Pas diajari aku ape kelelep. Tapi untung ae aku ditulungi konco ku. Pas nak kolam renang.e
aku ambk konco ku selfi nak njero banyu. Aku seneng seru iso selfi nak njero banyu. Saking enak.e renang+selfi. Gak keroso wes awan. Aku ambk konco ku langsung ganti terus gelek mangan. Mari mangan kene langsung mole.

~SriWiyaniWulandari~. 38

Rabu, 09 Maret 2016

Gerhana Matahari

Dino rebo tanggal 9 Maret 2016 Indonesia gempar karo seng jenenge "Gerhana Matahari" tapi sayange nak daerah ku gak kenek seng total, ketok se tapi aku ketok e mek titik soal e aku dijak ibu ku sholat gerhana nak masjid jami'. Seng sholat akeh seru koyok riyoyo sholat e suwe pisan rukuk suwe sujud suwe sisan 2 rokaat kiro-kiro setengah jam (30 menit) tapi gapopo aku bersyukur aku isok sholat gerhana soal e gorong karuan aku mene isok ketemu gerhana maneh, dungakno se isok ndelok gerhana maneh :D Amiiinn....
Sayyidah (36)

gerhono srengengeh

dino iki mau onok gerhono srengenge.
pas isuk, aku ambek adek elu sembayang gerhono nak masjid danyang.
mari iku aku ndelok nak lapangan danyang ambek tonggo tonggoku. teros moleh
#frisca amrotul f (18)

Nyelekit

Preian iki aku nak omah wae. Koyok babu ambek baby sister. Aku kora-kora, ngedusi adekku, nyapu, ngepel, untunge gak umba- umba tapi aku sakno ambek ibuk sisa, polae mamaku lagi loro, tapi aku mangkel ambek ayahku seng turu tok penggaweanne.

Venny/39

Gerhana matahari

Rabu, 9 maret 2016. Indonesia duwe fenomena seng langkah. Yaiku GERHANA MATAHARI. Aku ambek keluarga ku gak pengen nyia-nyiakno fenomena iku. Aku sak keluarga ku nontok teko ndukur umah ku ambek gawe kocomoto ireng seng peteng seru. Pas aku nontok, massyaallah apik seru. Pelan-pelan mataharine ketutupan bulan. Rasane koyok wes sore. Akhir e aku isok nontok fenomena seng langkah iku langsung..

Sriwiyaniwulandari 38

preian mantu 😀

Preian iki isine mangan turu tok.  Duit sangu dikurangi pisan.  Nak oma yo boring . Mangan turu mangan turu wae males lapo lapo yoan. nganggur pisan. Aslie yo wayae preian ngene iki enak.i liburan . Liburan nak ndi yo pokok.e liburan 😀 tapi sayang? wes dadi arek omahan dadi yo nak oma teros 😭




Nikmatul Mufidah(26)

Selasa, 08 Maret 2016

Wes mbalek

Hapeku dadakno gak mbalek gara-garane gak onok kartue siji. Garane tempat kartune onok loro. Padahal yo onok dikiro hape iku duwe siji. Harus di dekek nak kono kabeh. . Iku hape kan ancen di pasang kartu siji? Opo harus aku cerito. Mangkane ngnu iku takok sek yo. Gak langsung jukuk kesimpulan dewe. Iku menurutku.  emboh menurut wong seng jarene lebih pengalaman. Wes ngerasakno asam garam. Tapine eleng yo ae gak kabeh wong podo koyok pengalaman mu. Jadi ojok di podo-podo no. Matur suwun.

FD.14

Minggu, 06 Maret 2016

eman pol



Pas dino jum'at aku ambek koncoku ngerjakno kendi. Aku ambek koncoku podo mek isok gambar titik tok akhire aku jaok tolong nak pas kongkon ngewangi gambar. Sakwise mari gambar langsung tak warnai. Pas mari kabeh iku podo moleh nak omae dewe" lah pas dino selosoe kongkon ngumpulno kendie. Aku gwo kendie iku ati" seru polae seng gambarno wong spesial :D Tibakno totok bozem onok seng aneh nak kendiku pas tak demok eeee tibak e retak penggere titik. Seng asli kudu tak tangisi polae seng gae wong spesial akhire onok koncoku ngongkon dilem. Akhire aku nurut tapi seng asli rodok eman tp yek opo mameh wes kadong. Mari tak lem ngenteni gareng trs di kumpulno.


Zs





nandur

Pas dino minggu aku dikongkon ibukku gae taman nak pengger omah ben gak sumpek ndelok pemandangan seng ngono" ae. Aku lan ibukku nandur kembang seng akeh jenise, sekalian cek kampung gak ketok gersang dadi ditanduri. Mari nandur kembang aku nyoson kembange nak gon seng tak pengeni dadi isok ketok apik ngono.


Zs(41)

Rabu, 02 Maret 2016

Judule joging

Dino minggu wingi aku lan konco-konco ku joging nak petro, janjiane jam 6 tapi molor sampek jam 7 tapi gapopo seng penteng sek isok joging titik. Sek ket sak puteran ikupun gak full arek-arek wes kepikiran panganan tapi ngenteni loro opo telu puteran, maringono kene tuku pentol korea karo aqua. Marine joging kene foto-foto sampek jam 10, wes keroso panas karo cacing seng nak weteng mulai demo akhire aku lan arek-arek mangan nak aneka sambel, mari mangan sekitar jam 11 an kene moleh dewe-dewe soale wes podo digeleki wong tuo e dewe-dewe.

Sayyidah (36)

Bedengekk ultah

Minggu isuk koncoku ultah yaiku Ausonia Verentina , aku diundang nang ultahe dee jam 10 isuk , veren iku melebu golonganku yen ning skola konco akrabku aku lan arek* podo nyiapno kejutan meneng-meneng gae veren dimulai teko nyiapno kue lan balon , jam 10 aku lan arek* janjian ketemuan niate jam 10 ehh tibak'e jam sampek 11 gara-gara leren ngumpakno balon , njepek kamera lan sepeda dhea atek acara mati-_- akhire pole telat , veren wes nelfon arek* tapi sengojo gadiangkat tibak'e pas totok tengah dalan ketemu veren rencana katene gagal untunge dhea melenggok ben gk ketauan veren , aku lan arek* budal disek lan dhea , sofie budal kari pas kene wes nk tobys dhea teko lan ngekeki veren roti lan nggowo balon  kitem kali iki lumayan meriah soale podo* seneng kabeh :D

Iswatii (19)

Plembungan

Pas dino minggu q ambek arek* di undang nang acara ultha ne ausonia seng ke-17 nang toby's jam 10 isuk. Tapi arek" teko nang toby's jam stgh 12 soal e arek" sibuk gelek roti ambek plembungan.
Pas pelembungane di sebul moro" pelembungane mbledoss aku ambek shofi njerit2 nang dalan sampek di deloki ambek uwong" ..
Wkwkwkwk =D

D2N (09)

Ultaheee

Dino minggu wingi aku mbek arek2 dijak Aus mangan2 dalam rangka ngerayakno ultahe. Kene janjiane jam 10.  Tpi aku mbek arek2 teko.e jam 11.an.  soale aku ambek arek2 ate ngekei suprise . tpi gak sido dadi suprise, soal.e Wes kepetok mbek verren nak dalan...
Gagall Wess dadi.e..
Tpi gapopo, sek tetep seru kok acara.e :-D

Atul.A#05

wong 6

wingi minggu, aku ambek arek arek janjian gae jogging.
janjine jam 6 dadakno kumpul jam setengah 7.
yowes lah gakpopo. terus aku ambek arek arek langsung joging sampek jam 8. maringunu aku ambek arek arek langsung foto foto sampek jam 10.an
akhire arek arek wetenge luwe. yowes mangan nak aneka sambel.
maringunu moleh.
°° Frisca amrotul (18)°°

Selasa, 01 Maret 2016

Dikejar polisi :-) Kabuuuurrrrrrrr :-p

Wingi seloso , aku disusul arek.  Trus kate nak pps,  totok tengah- tengah perjalanan di elok.i uwong tekk mburi,  moro- moro nyegat.  Dadakno iku polisi,  ngincer sepeda seng tak gae,  soal.e sepeda iku akeh tunggak.anne.  terus aku ambek konco q langsung kaburrrrrrr ae.  Tapi sek tetep dikejar polisi. 

A.J (01)

tugas gk kelar-kelar

Dino seloso pegell puooll . Mari teko sekolah aku dikongkon ngeresik.i omah . Dalune dikongkon.i terus . Dino rabo isuk.e tugase akeh seru.  Gk mari-mari. ngerjakno iki kudu ngamok ae.  Tapi wes digae sabar wae.  Tapi ati iki temen rasane kudu nanges.



Nikmatul Mufidah (26)