Senin, 29 Februari 2016

Hunting loooo

Minggu wingi aku ambek konco ku mlaku". Kene janjian ketemuan.  dadakno konco ku wes teko kabeh. Marie aku totok. Kene langsung budal. Trus mlaku mlaku muter muter sampek pegel. Saking pegele mlaku" weteng ku luwe, akhire kene mangan bakso nak pinggir dalan.

°°°Sri Wiyani Wulandari°°°

Seneng tok.

Aku mlaku-mlaku. Pokoke seneng. Trus aku sakdino langsung telu kota. Rasae pegel,seneng, campur-campur wes. Gaisok diungkapno ambek kata-kata mane. Pengen ero aku nakndi. Cobaen ditebak sek yo. Matur nuwun

FD 14

Minggu, 28 Februari 2016

Walking-walking ambek arek-arek

          Mau aku mlaku-mlaku ambek arek-arek. Aku gae klambi couple ambek koncoku, warnae tok seh. Trus mau pas nak perjalanan ban sepedae koncoku bocor, molor deh perjalanane. Tapi pas totok nggone gak sepiro'o awan seh, trus mari bedok moleh deh.
Venny/39

Kamis, 25 Februari 2016

Mingguan

Dino minggu wingi jadwal ku padat seru. Mari sembayang shubuh langsung resik-resik omah. Dilanjut umbah-umbah klambi sak ranjang bek. Mari ngono ngumbah sepedah seng rusuh kabeh mergo kudanan terus. Jam 10 budal nak sanggar. Istirahat jam 1 dilanjut kerja kelompok nak pojok omah.e feliya. Sak maringne kerja kelompok arek-arek mamper tuku kendel nak wong dodol kembang gawe tugas seni budaya yoiku gambar batik nak kendel. Mari ngono balek maneh nak sanggar polae onok materi tambahan samapek jam setengah 5.

Teko omah kape magrib sampek diseneni poale ben dino minggu gak tau nak omah.
#Arvianita. ☺

Rabu, 24 Februari 2016

Razia sabtu

Dino sabtu iku dino seng menurutku sante pol mergane bengine kuwi malam minggu wayah.e WAKUNCAR hhhuuuuaaassseeekkk eh tibak.e nak sekolah onok razia hp seng garai kaget lan syok. Gak suwe hp dijalok gk sempet ngehapus tpi gapopo pokok.e hp.ku balik sempet resah se wedi gk balik soal.e malming gaisok ngabari pacar yuuuhhhhuuuu

Ngetrip

mau sore, moleh sekah aku nang nggone panti asuhan nak nggone pongangan ambek dhya, dea, lan natha.
pas totok KIG, gerimise gede gede dadine loro kan.
lah iku aku ambek arek arek langsung jemek kabeh. pas apene nggolek nggon ngayup, eh dadakno udane leren.
yowes akhire aku ambek arek arek lanjut perjalanan sampek nak panti iku mau.
marine teko panti, aku ambek arek arek weteng luweh, yowes akhire andok mi setan GKB.
maringunu moleh
#Frisca Amrotul (18)

Galau

         Senin wingi aku presentasi b.indon. aku ndredeg kabeh untunge gak onok seng salah. Trus areg-areg yo akeh seng takok karo debat. Mari presentasi aku nangis, trus areg-areg akeh seng takok, areg-areg wedi nek aku nangis gara-gara akeh seng takok mau pas aku presentasi, tapi alasane duduk iku. 😀
Venny39

Moleh sekolah..

Wingi aku moleh sekolah jam set 3 aku totok omah jam 3. Sakwise ganti klambi aku langsung mangan. Trs dilanjut nyapu ngepel karo sholat. Trs dontok film UTARAN. Pas Enak2 dontok film iku. Umikku nyelok kongkon ngering kumba.an. akhire aku ngering kumba.an mbek dontok tv gampek maghrib..

Atull.05

Kepanasan

Pas dino minggu, aku dijak koncoku muter* gaonok tujuan.
Akhire koncoku meleh nak ppl(pasir putih lamongan).
Tak pikir nggone parekk.
Ee tibak.e adoh,wes kenek macet panas sisan.
Barang wes ttok aq karo koncoku parkir spda motor karo tuku karcis gae melbu nk panta.ie.
Ee tak pikir panta.ie iku apik tibak,e podo wae koyok nk lumpur (hahaha).cuma bedone mek pasir'e tok :D
Panas'e poll seruu weyy nggarai kulit dadi ireng :D

Cukup semene wae .
Suwon :)
F_H(17)

Melu ultah

Dino iki apes seru aku dijak dolorku melu ultahe ponaanku nagk ayam bakar wong solo budale numpak montor nagk montor guyonan terus ambk dolor dolorku pas totok kono aku ambek dolor dolorku ngewe soale segoe gak diterno terno sampek sampek jamuren akhirre segoe diterno terus mangan bareng bareng dadakno pas molene montore bane kempes dadine aku ambk dolorku ngenyeni suwe nagk kono terus akhirre montore wez teko mari nagk tambal ban akhirre aq lngsung otw mole

Winda sukmawati/40

Selfi di sek broo

Pas dino sabtu aku budal sekolah rodok kawanen tapi untung.e kok gak terlambat, aku ceklok Tapi gaisok amergo tangan ku sek jemek. Teros yaopo mane wong iki jam e wes mepet akhir.e aku ceklok nang duwor isok alhamdulillah:-) maringunu aku nang kelas Teros moco al-quran. ben isuk moco al-qur'an nang sekolah an ku iku hukum.e WAJIB.mari ngaji Teros do'a. Bel wes muni pelajaran jam pertama dimulai, pelajaran pertamaku IPA rodok sue engkas bel jam ke-2 totok tengah2 jam ke-2 moro" guru Bk teko nang klas ku ambek njupuki Hp (razia) arek" keweden kabeh wedi gak di balekno, lek gak di balekno engkok lak gaisok malam mingguan hahaha :-D hp ku gaonok isi seng ngawur2 tapi aku wedine pas di balekno dino senin, akhir e pas istirahat aku nang kantor delok.i hpku eh pas aku nang kantor ketepakan bu ummi ngoreksi sang hp, dadi yo aku isok delok hahaha :-D bu ummi ate deloki foto"ku tapi keliru mbukak camera, marungunu aku di jak selfi ambek bu ummi gae hp ku.hahaha. gak sue titik hpku di balek no soale hpku bersih gaonok opo"ne seneng seru aku.

D2N (09)

Dino minggu

Dino minggu wingi aku tangi jam 5 aku langsong sembayang teros jam 6 aku joging, aku budal karo adek tapi adek tak terno nak omah e konco e soal e adek ku ape nak WEP lah aku joging sampek jam 8 an aku moleh tapi gak langsong moleh nak omah e mbah ku sek ape njalok mangan hahaha :D, dadakno nak kono onok ibuku dadi aku moleh ambek ibuku, nyambong gak nyambong iki cerito ku hahaha... :D      Sayyidah (36)

Sabtu apes geng

Dino sabtu aku kawanen tangi , amerga alarm hpku mati aku kebablasen tangi sampek jam 06.15 aku tangi gopoh* langsung ados lan noto buku seng dorong rapi aku ados cepet*tan lan langsung budal sampek gasempet sarapan amerga wes kawanen , aku budal tekan omah jam 06.30 tibak'e totok dalan macet-_- perkirannku meleset lan aku totok sekolah jam 06.45 tibak'e pas absen wes onok guru bp seng njogo lan aku kelebu siswa sing telat-_- sakmarine nulis peanggaran nak buku yen telat aku melebu kelas, sek ket longgoh dilut ehh tibak'e onok razia hp , laa razia iku dadak'an ora onok seng ngerti , akhire arek sakkelas podo bengong lan kaget hpku kesita lan dibalekno yen ora onok masalah yen hpne bermasalah ora dibalekno. moleh sekolah aku ora mulih amerga ngenteni hpku sampek jm setengah 2 untunge hpku ora kenek masalah lan dibalekno tapi apese iku wes telat atek acara razia hp barang-_-

Iswatii (19)

Selasa, 23 Februari 2016

Galau

         Senin wingi aku presentasi b.indon. aku ndredeg kabeh untunge gak onok seng salah. Trus areg-areg yo akeh seng takok karo debat. Mari presentasi aku nangis, trus areg-areg akeh seng takok, areg-areg wedi nek aku nangis gara-gara akeh seng takok mau pas aku presentasi, tapi alasane duduk iku. 😀
Venny39

Mlaku-mlaku tapi numpak sepeda

            Aku ambek arek-arek mlaku-mlaku, muter -muter, ndelok-ndelok tok. Trus sampek sore, trus mariku moleh. Matur suwon.
FD 14

Mlaku~mlaku

Pas mole sekolah wingi aku ambek konco ku nak rumah warna seng gak adoh teko sekolah ku. Nak kono aku ambek konco ku nontok" tas. Aku seneng ambek salah siji tas seng nak kono. Tapi duduk gawe aku, aku pengen nokokno adek ku tas sekolah, tapi yo ngono duek ku sek kurang dadi aku kudu nyelengi mane. Mari nontok" aku ambek konco ku nak elisabeth, nak kono akeh tas apik" tapi akeh"e gawe wong gede. Pas nak kono aku iling lek bulan ngarep ibuk ku ulang tahun, aku pengen ngado ibuk ku+aku yo wes ngerti opo seng pantes gawe ibuk ku. Dadi mulai saiki aku nyelengi cee aku iso tuku kado gawe ibuk ku. Lek duek ku wes cukup aku jaluk terno konco ku gawe tuku kadoe ibuk ku.

°°°Sri Wiyani Wulandari°°°

minggu pegel

Dino minggu aslie wayah.e istirahat total.  Aku dikongkon ibu ngurusi omah.  Gk lali umbah-umbah.  Pegel wes pasti.  Tapi yaopo maneh iku kerjoan lek dino minggu.  Dino - dino biasae yo ake tugas sekolah.  Seng gak onok leren.e.  kadang aku yo pegel nyawang tugas akeh koyok ngono.  Tapi yaopo mane?  Yo wes lah bersyukur ae.





Nikmatul Mufidah (26)

Kamis, 18 Februari 2016

Nasib !!!!!

Seloso sore aku karo koncoku niate kape nak malang
Aku nyiap-nyiapno seng kape digowo
Sak wiseh nyiapno sembarangane
Akuu langsung nak omahe konco ku gawe takok informasi sido opo gak e
Ternyata akhire memang sido berangkat
Tapi kehendak allah berkata lain
Wongtuo gak ngolehi berangkat akhire aku karo konco-koncoku norot bae
Akhire gasido nak malang

AF (03)

Rabu, 17 Februari 2016

Kanfas

Pas dino jumat aku moleh sekolah jam setengah siji tapi aku gak langsong moleh tapi aku kerja kelompok disek, aku kerja kelompok ngerjakno tugas seni yo iku tugase gambar nak kanfas eh tenyata kerja kelompoke gak ngerjakno seni tok tapi ambek ngerjakno tugas ipa teros aku karo konco - konco ku ngerjakno'ne gantian. Sak marine kerja kelompok aku moleh jam 3 sak doronge moleh aku tuku jajan tela - tela karo kudanan sak marine iku aku langsong moleh tapi aku nunggoni len sowe akhire aku totok omah jam 4 sore.

Fitriah kulum ( 16 )

Rebo Bengi

Sedino iki aku lagi males lapo-lapo pengen.e turu. Mood.ku gak memadai. Mau ishak aku mari sholat adek.ku sinau. Aku gak ngreken de.e gak suwe lambene ireng kabeh, tibak.e spidol ireng disedot. Elah dek-dek onok-onok ae acaramu iku turu lak enak. Tpi yo lucu se hahha. Wes aku bingung ape ngepost yaopo maneh. Intine aku saiki BAD MOOD

Ausonia(07)

Polisi Mbois brooo

Dino seloso wingi kls XI PM ditekani polisi wedok lan lanang sg mbois2 . Polwan karo polisi.e ngekeki motivasi sg apik gae kls XI PM . Ngewehi cerito tentang narkoba lan koruptor . Sakwise iku Kakak polisi.e cerito yen tanggal 29 Februari sesok wayah.e kelulusan pendidikan polisi . Amarga polisi.e mbois2 lucu ngguyokno, aku lan arek2 ngajak.i foto karo polisi lan polwan.e mau .

(Riska Diah Puspita Adiningrum/33)

Bedengek hunting

Dino minggu aku,nisa,riska,dina dolen bareng" asline ate dolen nang Pasir Putih (Pp) Tapi gak sido,akhir.e aku ambek arek" sidone hunting. aku ate hunting nang Bgs Tapi gak sido:-( soale pas nang manyar onok polisi akeh nang pinggir dalan. Yowes akhire aku hunting nang manyar -_- wes totok gon.e aku ambek arek" nglewati dalan jembatan kayu seng nisor e iku sungai WAWwww merinding.:-D Lah anisa gak wani nglewati jmbatan iku, Tapi ambek aku tak pekso Hehehe nang tengah" jmbatan anisa njerit" soale kewedan,ambek arek" malah di wedeni  😁 tangan.e anisa ambek ngremes tangan ku.

D2N (09)

Nguliner Jrenggg

Dino minggu wingi aku tangi isuk amerga duwe rencana nguliner bareng arin koncoku seng wes koyok dolor dewe, amerga jarang ketemu ambk arin aku nyempetno waktu gae qtime karo arek'e, aku lan arin ngelakoni kebiasaane kene seng senengane nguliner :D minggu isuk aku cuss budal ambk arin nang mie pangsit langganane kene sing onok nang gkb, sakwise mangan mie pangsit aku ngeflod nang mcd , sakwise iku sekitar jam 11an aku luwe maneh lan tuku sego bebek jayanti, marine mangan sego bebek ehh tibak'e kepengen bakso , sakmarine mangan bakso tibak'e nemu wong dodolan ceker pedes aku lan arin tuku ceker pedes lan es degan wesss suegerr maknyusss :D sakmarine iku aku lan arin langsung cuss mole , kudu ngguyune iku ancen aku karo arin iku gaonok wareke :D 

Iswatii (19)

Kaget_Poll

Rabu mole sekolah jam 3 mau.
Wayae mole sekolah aku nak pasar disek kape tuku sandal.
Muter* nk toko sandal ndelek sandal seng aku kepingini tibak.e ketemu,tibak'e gaonok nomere apesss??!!!..
Barang gaonok aku mole karo konco.ku aku omong*an yo guyonan..
Sek ket totok gang aku kagett ndelok nggarep oma.ku akeh wong karo onok kloso.
Aku langsung mlaku banter,awk,ku nderedek kabe.
aku wedi lek keluarga.ku onok opo*..
Barang aq wes totok tibak.e tonggoku seng meninggal.

Cukup semene wae??

Suwon .
F_H (17)

Gak sak grup gak berati musuh

Aku ambek arek" dawaul qolbi wes gak tau kumpul bareng.
Paleng gara" sekolae bedo, gak tau latian bareng, ketemu ae gak tau ndaniyo latian.
Sakdurunge iku onok konflik titik nak grupku gara" wong 1, akhire aku ditawani gabung ambek alaa hajar. yo tak terimo bae lah daripda nak omah gak lapo" nek nganggur.
Tapi, antara aku ambek arek liane sek onok silaturrahmi seng apik.
Rencanae iki nek gak dino kemis yo minggu bakalan ketemu ambek arek iku.
bismillah sido yaAllah...
aku kangen ambek dawaul qolbi.
#frisca amrotul (18)

Minggu

Pas dino minggu aku tanggi jam 05.00 terus sholat subuh wes mari sholat aku turu mane tanggi-tanggi  wes jam 06.00 aku ngeresik.i kamar mari ngono aku ngewang.i ibu masak pas wes mari aku mangan terus ngono aku umba-umba sak mari ne iku aku delok tv karo nyatai. 
Suwon...
Navira Yulia A.(25)

Ketemu wong ganteng

Pas iku jam 9 isuk aku seneng seru, soal.e aku ketemu wong ganteng.😀😀😀 Pas tak delok wong ganteng.e iku ternyata personil.e one direction. Ya Allah ngimpi opo aku isok ketemu personil.e 1D. Maringono aku njalok foto bareng, aduh uwong.e iku gak sombong blass.
Terus mari foto uwong.e iku langsong ilang.. gak ero ilang nak endi. Pas aku ngelek.i gak onok uwong blas. Maringono aku tibo. Pas aku tangi tibak.e aku mimpi.
Hahahhaha😢😢😢 ternyata hanya mimpi!!!!!

Auliaa /06

Selasa, 16 Februari 2016

Wes di rencanakno ternyata gak sido

Pas hari jum'at koncoku arek lamongan seng tauh psg nak ramayana iku telpon tak sangkakno sopo seng telpon ternyata koncoku tak angkat telpon eh  mari ngunu koncoku muni apek merene tanggal14 nak ramayana terus aku muni jam piro rene. Areeh ngomong gak ro il orok mene ae. Mari ngunu tak jawab yo wes nek rene ojok lali ngabari aku akhir eh telpon eh tak pateni. Mari koncoku telpon mau tak tinggal turu soaleh ngantuk. Pas aku tangi onok panggilan tak terjawab ternyata koncoku arek lamongan mau.
Pas tanggal 14 isuk aku di bbm karo koncoku ternyata areeh gak sido rene soaleh onok masalah. Ealah tuwas pengen ketemu soaleh wes suwe gak ketemu ternyata koncoku gak sida rene.terus pas tanggal 16 aku di sms koncoku areeh wes nak ngersik. Pulsaku entek aku jalok pulsa nak koncoku gawe sms arek iku mau tak bles'' awakmu nak endi '' langsung areeh bles '' aku nak ramayana reneo '' tak bles mane '' aku sekolah lang '' di bales karo koncoku '' yo wes nek ngunu '' dalam atiku pengen ketemu tapi rene dadakan ealah nasib 😒

Matur suwon 😃

Fitri maulidatul ilmiah(15)

Kerkel

Pas dino iku dino jumat aku ambek konco koncoku kerja kelompok gambar batik nagk kanvas terus kerja kelompoke iku nagk omahe koncoku jenenge sofi pas totok omahe sofi aku ambek konco koncoku ngerjakno disambi guyonan terus pas apene mole aku bengung njalok sosol sopo soale navira bareng seli akhirre aku nonot seli ae soale gak onok seng nyosol akhirre aku, seli ambek navira badrekan wong telu molene

Winda sukmawati
40

Iki blog.ku

Dino iki onok polisi teko nak sekolah. Jelasno  narkoba. Polisine onok 5 lanang ambek wedok 1. Trus foto-foto ambek polisine. Sering bareng. Pokoke isine iku guyu trus.mari disek ceritaku minggu iki.  Matur nuwun. FD 14

ketekan polisi

Dino seloso tanggal 16 februari sekolah ku ditekani polisi ayu karo siswa-siswa polisi seng ganteng-ganteng hahaha :D, kene dikei penyuluhan tentang narkoba lan titik tentang kenakalan remaja, mas-mas lan mbak iku yo nyeritak no titik tentang pengalaman e sekolah nak kepolisian, dadak no sekolah polisi iku seru tapi rodok medeni hahaha :D marine iku sekitar jam 12 waya e kene istirahat duhur lan sholat duhur polisi-polisi iku pamet, tapi sak gorong e pamet kene kabeh dijak polisi-polisi iku foto bareng lan arek-arek onok seng foto dewe karo salah siji polisi, pokok e dino seloso iki seneng gak onok pelajaran full tambah onok polisi seng ayu lan ganteng-ganteng. Hahaha :D

Sayyidah (36)

Senin, 15 Februari 2016

Sedino karo awakmu

           Minggu seng padang, aku mlaku-mlaku ambek awakmu. Aku muteri gresik ambek awakmu. Mangan bareng ambek awakmu. Ket jam 9 sampek setengah 3 sore. Foto bareng, ngguyu bareng, jalan bareng, ngomong bareng. Seneng seru rasane, aku gak pengen moleh. soale nak omah sumpek. Tapi untunge pas moleh aku gak diseneni :-D

Venny /39

Tanggal Abang Dino Senin

Tanggal abang dino senin wingi .  Aku aslie pengen nak omah ae . tapi onok tugas kerkel ipa . dadi yo ngerjakno kerkel nak oma.e Anis . nak kono kene koyok.e ngerepotno jajan e akeh . terus ape golek katalok nak hypermat udan deres . dadi gak sido . nak oma.e Anis karo turu-turu enak hawane adem pisan.  Mole-mole jam 5 sore. Dadi sedino nak omae Anis .


Nikmatul Mufidah (26)

Minggu, 14 Februari 2016

Tugas tok

Akhir" iki tugas ku numpuk akeh. Aku sampek bingung ngerjaknoe. Untung ae tugas sbk ku seng di kongkon gawe lukisan batik wes mari, karek tugas seng nak kendil tok. Dino sabtu wingi onok jam pelajaran seng kosong dadi aku ambek kelompok ku langsung ngerjakno tugas indonesia gawe power point. cee engkok pas mole gak usah atek kerja kelompok mane dadi langsung mole. Menesoke dino minggu iki ketepakan dino valentine tapi aku gak onok acara gawe dino iku. Aku ngisi minggu iki ambek kegiatan ku seng biasae tak lakoni bendino. Aku sedino iki mek sinau ambek nontok tv tok. Terus sore.e aku nyetriko seragam sekolah ku ambek seragam sekolahe adek ku, dadi mene karek gawe tok. Terus bengie aku sinau mane soale tugas ku onok seng dorong mari.

***Sri Wiyani Wulandari***

Rabu, 10 Februari 2016

hp telbok

Pas dino jum'at  aku ngeterno koncoku garap tugas bahasa indonesia nak bukit kapur aku ngerekamno koncoku lah hpku tak dekek nak nisor pas mari ee tibak e hpku telbok menisor. Mari ngono hpku dijepekno karo dewi lah mari ngono arek arek modon kabeh sakwise modon langsung nak KFC nge lanjutno tugas bahasa indonesia. Tugas e kelar kabeh langsung moleh nak omae dewe". Pas mbari moleh aku langsung umbah" e tibak e malah hp nyemplong nak banyu apes seru pas dino jum'at wingi..

Zs (41)

Dino pegelkuu

Dino iki aku izin gk melbu sekolah soal.e tante.ku seng nak sby kawinan. Aku kongkon dadi trima tamu.e . Aku budal nak sby jam set 6. Tapi aku tangie jam 4. Aku totok sby jam set 7. Aku langsung ngewangi2 titik. Pas jam 11, sek ate.e aku merem. aku  d.kongkon siap2 soal.e ate d.Paesi. sakwise d.paesi aku landung d.kongkon mengarep gae nyambut tamu. Acara mari jam 4. Aku lansung istirahat dilut . Mari maghrib acara.e lanjut, aku yo dadi trima tamu neh gampek dalu. Tapi gk sampek suwe aku dadi trima tamu aku mbalek soal.e ndas.ku wes mulai ngelu..

AtulA(05)

Tugas tok broooo

Kelas 11 waktu.ne PSG. Selama PSG iku lepas teko tugas suwine 3 sasi. Sak marine PSG tugas soyo akeh lan bingung garap'e. Sak bendino mesti onok ae PR emboh iku akeh opo sitik. Tapi seng jelas nek PR iku mesti akeh tugas'e. Sampek rasane driji iki kemeng lan cenut-cenut. Ealah emboh trimo ae lah jenenge sekolah yo ngene iki. Gelem ga gelem kudu gelem. Nek gak gelem gak ngara oleh biji hahha

Ausonia(07)

Pokok,e Dolen

Dino sabtu Pas marie mole sekolah aku dijak konco*ku tuku kendi kanggo pelajaran seni budaya.
Aku lan konco*ku mumet ndelek seng dodol kendi,tibak e ketemu seng dodol kendi .
Sak marie tuku kendi aq karo konco*ku cus nk omae konco.ku.
Sak marie totok aq karo konco.ku podo tuku jajan,sak suee,e dolen .
Ndelok jam wes jam 02.24 akhire aku karo konco*ku pamit mole ..

Cukup semene wae..
Suwon:)

F_H(17)

Udan Udan Mbaksoooo

Dino rabu iki ketepak'an udan deres, aku lan arek-arek kate moleh sekolah gaisok moleh amerga udan, ambek ngenteni udan terang aku lan arek-arek cerito yen fia ketua kelase kene iku ibuke dodolan bakso , aku karo dhea pole kepingin amerga udan-udan iku paleng enak mangan bakso, lan amerga  jarene arek-arek bakso gawenane ibuke fia iku enak , aku lan dhea moleh sekolah langsung cuss nak omahe fia tuku bakso , amerga dalan omahe fia iku onok seng dibuntu akhire aku bengong lan muter* ndeleki omahe fia sampek kudanan, mari mumet* akhire aku karo dhea nemu omahe fia lan mangan bakso nak omahe fia , sampek  nambah* teros baksone amerga enak:D opomane dhea sampek kepedesen ngeweh* amerga yen ngekek'i sambel uakeh :D. Lucune iku udan-udan diterabas mek kanggo sakmangkok bakso :D

Iswatii (19)

Udan Deres

Dino senen wingi aku udan - udan karo koncoku. Aku mulai udan-udan iku jam setengah telu . Polae udane deres seru dadie aku kepengen udan-udan. Pas udan-udanan aku karo koncoku kaget polae onok kilat sing medeni lan geluduke banget seru. Teros aku mlaku-mlaku nak embong dadakno embonge banjir. Pas jam setengah 5 sore aku mari polae keademen. 

SHOCHICHATUL MURSYIDAH (37)

Renang ng bkit awan

Pas dino minggu tanggal 7 februari rongewu enem belas ak lan dlor q renang ng nggone bukit awan ak lan dlor q bdal tko omah jam 10.00 totok ng bkit awan jam 11.20 maringono pas totok kunu ak lan dlor q gnti klambi gwe renang maringono ak lan dlor q njegor ng kolam renang

Pas jam 02.00 ak lan dlor q ganti klambi akhire mole deeh

Mizkie Azama(23)

seloso banyu udan

Pas dino seloso aku kerja kelompok ngerjakno tugas e bu dwi nak omae combeng , pas tepak udan , babah udan pokok tugase wes mari pas aku mari nyosol peyek nak perjalanan ate nak omae riska aku ambk peyek spdaan pelan-pelan ben gak sepiro jemek moro-moro teko mburi onok wong banter tros aku kecipratan banyu udan maringono peyek moreng-moreng torojawane pelan* ben gak jemek mala diciprati. Pas totok omae riska guyonan dilut tros ngerjakno tugase bu dwi

Combeng (35)

Fesban part 3

Minggu wingi, tanggal pitu rongewu nembelas.

Grupku elu lomba nak nggone ngasin,balongpanggang.
Lah grupku oleh nomer terakhir dewe yoiku selawe soale lombae mek tingkat kecamatan. Lah grupku melu banjarsari.
Aku ambek arek arek budal jam 1, sakinge arek arek teko setengah telu. Mesisan ngenteni mbak arum soale gak latian blas.
Teros aku ambek arek arek lngsong budal nak ngasin.
Ngenteni pengumuman dadakno alhamdulillah juara telu

Udan.ne awet

Pas dino sabtu wingi jam15.00 udan nak omah.ku untung.e ape magrib iku geremes dadi aku karo mbak ku metu muter-muter delek jagung godok akhir.e entok nak Gkb pas wes tuku aku langsung mole. Terus pas totok omah udan mane tapi untung ae wes totok omah dadi gak keudanan wes jam 21.00 ape turu tapi gak isok turu gara-gara geluduk e banter seru tapi akhir.e yo keturon pisan. Sampek dino minggu isuk sek geremes terus.

Suwon.
Navira Yulia A.(25)

Demi Laporan

Gremes-gremes aku ngeprint laporan .
Sakdurunge ngeprint aku nyosol koncoku disek , sawise nyosol koncoku , kene langsung budal ngeprint .
Aku lan koncoku mlaku , totok nak warnet kene ngenteni dadi laporane lumayan suwe setengah jam dewe ngentenie , sampek-sampek kene totok umah jam setengah songo .
Wes mari terus kene moleh nak umae dewe-dewe .

Trimakasih ...

Nofi nor istiqomah (27)

Qtime ambk keluarga

Pas mari tekoe pakdheku wingi aku ambek keluargaku kumpul - kumpul teros salah sijine keluargaku onok seng ngajukno ngejaki mangan - mangan akhirre keluargaku telfon ceke ngumpul kabeh trz akhirre budal kabeh mangan - mangan menyang ayam bakar wong solo aku seneng seru negk kumpul - kumpul bendino ambek kabeh keluargaku

Winda sukmawati/40

sabtu minggu budal ngegas

Perian dino sabtu minggu senen
Dino sabtu aku nang suroboyo, terus minggune aku nak malang rekk sampek senen. Aku nginep nak hotel. Pas minggu daluu aku ambek dulurku renang. Iku banyune adem seru. Pas mentas awakku biduren so'ale kademen. Isuk'e aku di jak tanteku nak pujon tuku sayur. Pas nak kunu aku ketemu mas'e koncoku rekk. Senen sore kene kabeh mbalik nang gresik. Pas tutuk pasar lawang, kene kabeh keluen, akhire kene mandek nak restoran seng onok nak pasar lawang. Mbari mangan kene ngelanjutno perjalanan. Udane deres seru sampek gak ketok dalan. Akhire masku seng nyetir mobil mlakune pelan. Mbaringunu pas melbu tol, wes gak sepiro deres. Mbaringunu tutuk gresik jam 8an aku langsung istirahat.
Matur nuwun ;)

Shafira dpr (31)

Tanggal abang enak nak umah malah kerja kelompok

Pas dina senin aku kerja kelompok nak umaeh koncoku seng nak pangsud aku numpak len abang karo koncoku pas numpak len koncoku takok nak pak supir eh " pak sumur songo iku nak endi " terus pak supir eh muni "iki loh wes totok sumur songo " terus koncoku ngomong "loh pak gak nak sumur songo tapi nak pangsud " ealah taksangkakno nak sumur songo dek. terus koncoku ngomong " gak pak mau aku mek takok tok "  akhir eh totok nak pangsud aku ngenteni karo koncoku nak pendopo ngarep umaeh soaleh koncoku gk nak umaeh seng nak pangsud tapi nak keramat daripada ngenteni suwe akhir eh kene selfi dimek. Terus koncoku malah gak teko teko. Akhir eh kene bbm ternyata sek nyosol koncoku seng duwe omah .  Terus koncoku teko akhir eh kene ngerjakno tugas sbk seng di kongkon ngarap nge lukis mari kerja kelompok aku karo koncoku mule numpak len abang maneh

Matur suwon 😀
Fitri maulidatul ilmiah (15)

Selasa, 09 Februari 2016

Nguliner bengi

Pas dino kemis bengi aku ambek riska nang makam giri, mari nang makam aku perjalanan ate mangan nang caffe adventur, aku lewat dalan tembus an, dalan e peteng seru gaonok lampune blas onok omah tapi jarang, pas aku mlenggok moro" onok iklan putih ngadek aku wedi tak peker ta setan :D , riska njerit" ambek ngrakot nang aku Hahahaha :D
Wes totok nang cafe adventur aku ambek riska tuku mie ramen karo es. Supite iku gak koyok biasae, riska kaget Lah kok supite koyok ngene. Pas riska mangan mie ramen gak wero lek tangan e iku mau nyepit, ambek aku tak guyu ngakak Hahahaha  😁

D2n (09)

udan udan pas moleh sekolah

Wes jam 3 wayae aku moleh sekolah pas pasan iku udan duereess aku bablas moleh pas totok dalan daerah ceploan aku kecipratan wong liwat seng gawe mobill aku telles kabeh lan isin mlakue,  pas wes numpak len aku yoo keciprtaan wongliwat soalle aku longgo nak amater soalle lenne iku wes bek.
Maringono aku modon totok omah aku senenii ibukku.  Lan aku langsung ganti klambi.  Wess yoo rekk 😀😁

#mazroatul jannah 22

Nguliner bengi

Pas dino kemis bengi aku ambek riska nang makam giri, mari nang makam aku perjalanan ate mangan nang caffe adventur, aku lewat dalan tembus an, dalan e peteng seru gaonok lampune blas onok omah tapi jarang, pas aku mlenggok moro" onok iklan putih ngadek aku wedi tak peker ta setan :D , riska njerit" ambek ngrakot nang aku Hahahaha :D
Wes totok nang cafe adventur aku ambek riska tuku mie ramen karo es. Supite iku gak koyok biasae, riska kaget Lah kok supite koyok ngene. Pas riska mangan mie ramen gak wero lek tangan e iku mau nyepit, ambek aku tak guyu ngakak Hahahaha 

D2n (09)

* Jum'at Barokah *

Dino jum'at wingi aku melu nari nak acara pembukaan lomba voli panggone nak deso Sidayu. Seng melu onok arek 8 iku teko sekolah liyane sisan. Perjalanan teko Gresik kota nak deso Sidayu 2 jam. Gara-gara jembatan Sembayat macet dowo dadi liwat Lamongan.

Dadi nak dalan kene kabeh isok nontok omah-omah nak tengahe tambak. Suasana nak kota ambek nak deso bedo seru. Sawangane nak deso tenang ngono gak onok gangguan opo-opo. Jarang onok kendaran seng riwa-riwi, gak onok polusi pabrik.


Arvianita 04


Olahraga lorone nang geger

Pas olahraga mau praktek senam lantai . aku bingung meleh sg endi . antarane roll ngarep, roll mburi, gaya lilin, lan gaya khayangan . gasue engkas aku mikir, aku latian gaya iku kabeh . pas tak pkir2 paleng simple gaya lilin . yowes aku maju lan praktek gae gaya iku mau . Alhamdulillah lancar praktek.e lan oleh biji teko pak mus :-D

(Riska Diah Puspita Adiningrum/33)

gak norot omongan e wong tuo

Pas tannggal abang imlek wingi aku karo konco-kinco ku kerja kelompok IPA nak omah e anis, kene budal jam 9, kiro-kiro jam setengah 1 an kene ape mangan nak Aneka Sambel tapi ambek ibuk e anis ditukok no rujak akhire kene gak sido mangan nak Aneka Sambel tapi mangan rujak marine kene duwe rencana ape nak hypernart ngelek katalog tapi sak dorong e nak hypermart njopok sepedah sek nak omah ku tapi keadaan e pas iku mendong anis wes wara "maringene udan rek" tapi arek-arek sek pengen nak hypermart, aku karo dwi wes OTW nak omah ku apr njopok sepedah sek tas metu teko gang e a is wes gerimis tapi ambek dwi sek diteros no pas totop poemosgri udan e tambah banter ape mbalek nak omah e anis gk isok ape nak omah ku yo gak isok akhire aku karo dwi ngiyop nak mushola stasiun sampek udan e rodok terang, yo ngene iki gk norot omongan e wong tuo (aniis).hahaha:D

Sayyidah (36)

Ibu ku konco orep ku

Menurutku ibu iku memang segalane gawe aku
Wedok seng kuat ngadepi anak e seng prilaku e kasar
Aku yo wes anggep ibuku koyok koncoku dewe
Suka duka kene lalui bareng-bareng
Waktu aku melbu permasalahan seng bagiku gak isok diselekno
Tapi ibuku seng nuturi lan ngekek i saran seng apik nak aku
Atiku wes mulai tentrem

A.F (03)

Prei

Senin wingi tanggal abang sekolah perei, lumayan perei.e 2 dino berturut". Iso di gawe mlaku". Mlaku" ku wingi nak doraemon 100expo. Nak grandcity dadakno nak kono yo onok pertunjukan barong sai bertepatan ambek hari raya imlek. Lumayan onok hiburan siji mane.

Sekian matur nuwun.... Seng gak seneng NGALE 😄

FD. 14

Senin greges

            Senin imlek winginane awakku greges kabeh. Irung buntu, awak panas, tenggoro'anku gareng sariawan lambe pecah-pecah ojok lali larutan penyegar cap badak.

          Tapi, aku tetep metu golek reeflet gae tugase bu Dwi negosiasi.pertama aku nak ramayana sek, nunut ac hahahaha :-D. Tapi aku gak langsung njokok mlaku-mlaku sek. Mari entok nak pasar tuku reeflet bekas, entok. Mangan sek ambek cuit cuit trus moleh deh

Venny39

Senin gak enak belas

Winggi pas pereian dino senin aku nak omah ae sokale awak ku loro. Pas ketepakan konco ku ngejak aku  kerja kelompok tapi aku gak isok melu sokale awak ku loro. Teros akhire aku turu ae sokale awak ku loro tenyata aku turu awak ku tambah loro kabeh. Yo wes akhire aku longgoh - longgoh karo dontok tv sampek bedok. Wes mari delok tv aku langsong sholat duhur mari sholat aku yobak turu maneh beke ta awak ku tak gawe turu gak loro maneh. Yo wes akhire aku turu sampek sore.

Fitriah kulum (16 )

MACET

Kamis wingi aku ambek keluargaku kape nak omae embah. Moleh sekolah jam setengah 3 langsong totok omah ados. Maringono mangan. Mari mangan ngenteni bapakku teko kerjo. Maringono wes siap kabeh langsung berangkat numpak montor.
     Pas totok manyar nyosol dulurku disek, maringino berangkat maneh. Totok sembayat macet gak mari mari gara gara jembatan.e di dandani. Totok omah.e embah ku jam 6 maghrib. Pas moleh ne yo podo bae macet gak mari mari.

Auliaa/06

Senin, 08 Februari 2016

preian suram

Pas tanggal abang dino senin sekolah prei kabeh podo ae pm liburan. kene ngenes nak umah ringkes"umah , ngepel , nyapu , kora" , jogo adek , setriko , awak sampek remek kabeh. wayae turu gak isok turu , wayae liburan gak isok liburan ,  efek akeh pekerjaan nak umah seng nompok.

Juli (20)

howone cocokkkkk

Wayah.e aku skolah plajaran ket isuk ws bosen , awan-awan sakjane panas , teko howo cocok mendung-mendung adem jos gandos , wes mendung ora onok gurue pisan , gak onok plajaran , nak kelas lampu dipateni , kelas ditutup wayah.e istirahat dowo , cobak skolah ngene trus pasti murid.e uwakehh men , lan dadi skolah favorit.                                  

Trims: lely latuconsina (30)

howone greges

Sabtu malam minggu wingi aku karo konco ku mlaku" ket jam 9 isuk sampek jam 3 sore pas jam 3 iku mendung e peteng gerimis mek siji loro tok.
Pas aku karo knco ku mole udan e deres gluduk e jedar jedor. Mari manghrib aku karo konco ku nyetan pas totok dalan iku sek gerimis pas totok bunderan GKB 1 dadakno deres yowes pole mole nk omah gak sido budal. Pas totok omah gak udan. Akhir e aku kro konconku salen klambi tros budal mane eh dadakno kudanan mane. Balek mane kudanan mane lek di jangkep no peng 3 oleh omah sak isi e :D.
Hadoh hadoh niat kate nyetan dadakno ados banyu udan mole mole kerokan ngae totop e botol geng. Melbu kamar selemotan tompok 3. Yoes gak mbaleni mane
Mene maneng lek udan anteng nk omah ojok kakean tingkah geng timbang kerokan ngae totop botol :D


Riskadepay (34)

Minggu, 07 Februari 2016

Nak Omah

Bendinane aku nak oma . aslie aku pengen metu-metu tapi yaopo maneh. Nek metu sak perlune tok . nak oma biasa.e aku dikongkon ibu ngepel , nyapu . yo ngono iku pekerjaanku nak oma. Gk lali sembahyang . lek gk ngono dolen nak tonggo karo nak omae tante . terus mole . nak oma turu .


Nikmatul Mufidah (26)

Gak sido tangi awan

Pas aku turu aku kerungu suarae udan tapi aku gak ngereken soale aku wes ngantuk seru. Sekitar jam setengah 1bengi aku kaget, aku langsung tangi soale suara.e geluduk banter seru. Opo mane kamar ku nak ngarep dadi suara.e tambah medeni. Pas wes gak onok geluduk aku turu mane. Pas minggu isuk hawane adem seru opo mane bengi.e mari udan. Pas mari sholat subuh aku turu mane, aku gak betah soal.e adem seru. Pas sek oleh setengah jam aku turu, aku di tangi bapak ku padahal aku berharap seru iso tangi awan koyok konco" ku, tp gak tau keturunan blass. Akhir.e aku tangi tp aku gak langsung adus scale banyue adem seru. Tapi aku tetep adus masio jam setengah 8... :-)

# Sri wiyani wulandari :-)


Rabu, 03 Februari 2016

Tempel-Tempel

Pelajaran negosisasi dikongkon golek gambar tentang departmen panganan, duduk panganan, dolenan arek cilik, karo perabotanne rumah tangga. Gambare golek nak katalog gak oleh jekek teko internet. Dadi arek-arek golek katalog sampek tuku nak pasar.

Arek-arek guntingi gambar seng melbu departemen iku. Maringno gambare ditempelno nak buku. Dadi pelajaranne gunting karo nempel-nempel gambar. Sampek kelas dadi rusuh kabeh. Seng soro yo seng piket nyaponi kertas-kertas bekase guntingan katalog. Tapi yo seneng kapan mneh pelajaran koyok ngene ☺

#Arvianita.4

Kudanan

Dino minggu bengi jam7 aku ape tuku bensin nak petro sak dolene. Aku ngejak koncoku seng omah.e nak Randuagung. Teko omah gak udan, teko prapatan matahari kroso gremes, teko randuagung lngsng udan deres. Aku mandek nak Satlantas diluk dari pada aku ngenteni nak kunu dewean sampek terang akhire aku nrobos udan. Aku spdaan banter lngsng njujuk omah.e koncoku. Slamet teko omah.e koncoku udan.e lngsng dadi deres dadi klambi gak begitu kebloh hahahha. Lagek kuwi aku kudanan bengi* dewean sisan AJOR JI

Ausonia (07)

Fesban_2

Dino minggu wingi, aku elu lomba banjari nang nggone SMANIC.
Pas iku oleh nomer urut tampil terakher dewe yoiku 45.
Aku budal jam 12 teko omah teros kumpul nang omae mbak ade.
Nang kono, kene gladi resik mane ben gak lali.
Eh dadakno kok alhamdulillah juara 2.
#Frisca Amrotul F. (18)

Mlaku-mlaku

Dino seloso wingi aku dijak arek-arek nak ramayana. Pas Wes totok aku karo arek-arek ndilok-ndiloki klambi sing nk ngisor.Mari ndiloki klambi aku karo arek-arek munggah mendukur nak game zone.  Nak game zone aku karo arek-arek tuku koin gae karaokean.  Mari tuku koin aku karo arek-arek meleh lagu gae nyanyi nak karaoke. Pas mari meleh lafu aku karo arek-arek langsung nyanyi dangdut.

Wes cukup sakmono ae ceritoe

SHOCHICHATUL MURSYIDAH (37)

Telatt Coeeeyyy

Isuk mau aku tangi kawananen. Aku ket tangi jam 6 kurang 10. Aku langsung gopoh2 ados. Marie ados langsung nyetriko seragam soale lali seragamku gorong tak setriko. Sakwise setriko aku langsung cepet2 ganti kelambi soal.e wes jam 6 lebih 20. Sakwise salin aku langsung njupuk segoku seng nak mejo seng wes d.tepakno umik.ku.
marungunu aku langsung budal sekolah, tapi gara-gara aku budale wes kawanen dadie aku totok sekolahane telat. Dadi terpaksa kudu ngadek sek nak nggarep kantor guru sampek doa.e mari.... -_-

AtulA(05)

Mlaku-mlaku

Wingi dino selasa sore aku d ajak mlaku-mlaku bareng keluarga nak cerme gak keroso wes magrib akhir.e mandek nak ngarep.e mussolah gawe sholat magrib sak mari ne sholat kene nerus no perjalanan mane nak tengah- tengah perjalanan kene mandek mane gawe mangan karo ngenteni masakan ne mateng kene foto-foto di sek mari foto-foto akhir.e kene mangan pisan mari mangan aku karo keluarga ku balik mole terus gak keroso wes isya' dadi mandek mane nak masjid gawe sholat sak mari ne iku kene mole totok omah wes jam 20.30 awak podo pegel kabeh.

Navira Yulia A. (25)

Kangen

Sejeke di tinggal pakdheku umroh aku kangen seru ambek pakdheku padahal mek 9 dino rasane koyok bertaun taun biasae nagk endi endi ambek pakdhe saik pakdhe gorong mole aku sayang seru ambek pakdheku aku gak iso adoh ambek pakdheku pakdheku bagaikan wong tuoku

Winda sukmawati(40)

Enak enak wifi an ternyata lampu mati

Sabtu pas mule teko sekolah aku wifi an kro koncoku. Kene tuku kartu mek sak durung  eh wifi an . Wes mari tuku kartu eh wifi hp ku tak nyalak no wifi eh.  Enak enak download tiba eh lampu mati.  Dadi aku ngenteni sampek wifi isok nyalah mane.  Dari pada kesuwen  aku tuku jajan mek. Terus aku balik nak wifi maneh ternyata wifi gorong nyala. Dari pada kesuwen akhir eh kene mule aku mule karo koncoku. Koncoku seng siji ne di susul kenalan eh........ sekian

Fitri maulidatul ilmiah (15)

Selasa, 02 Februari 2016

Mlaku mlaku ng ramayana

Pas tanggal loro ulan februari rongewu enem belas aku lan konco koncoku pas mole skolah iku di kongkon ndelek katalog ng ramayana dll.  Pas ttok ramayana iku di kongkon njlok mbak e ng bagian informasi. Pas ttok nggon informasi ak njekek kro arek arek trus ak munggah ng lantai loro menuju salemba. Trus ng kunu gk onk katalog.e
       Akhire karaokean sampek jam 16.30 kene mole ng omah e dewe dewe

Tamat

Mizkie azama (23)

Jogging dino minggu

Pas isuk-isuk aku dijak dolorku jogging , mari subuh aku ngersiki omah , sawise ngeresiki omah aku ngrewangi ibukku , sawise ngerewangi ibukku aku di izinni ibukku jogging . akhire aku budal lan dolorku .
Sampek totok nak gor aku mlayu 3 puteran lan dolorku . sawise iku aku lan dolorku tuku jajan sawise tuku jajan aku lan dolorku longgo-longgo . sawise longgo-longgo aku lan dolorku lanjut nak taman petro . sawise nak taman petro aku lan dolorku nyelfi bareng . sakwise nyelfi aku lan dolorku moleh .

Sekian makasih ..

Nofi nor istiqomah .
27

Len Atraksi :)

Dino preian sekolah aku dijak ibuku mlaku-mlaku nk suroboyo.
Aku budal jam 09.47 numpak len Gresik_Suroboyo.
Wes sak marie totok nk suroboyo aku lan ibuku belonjo-belonjo ,sak marie belonjo aku karo ibuku molene yo podo numpak len mane..
Len berangkat!!! ee tibak.e len iku mlaku bwanterrr..
Aku sek biasa,dadak totok nak tol (mbo namae tol opo lali aq)
Len.e mulaii atraksi,mlenggak-mlenggok aq karo ibuku + penumpang liyane yo podo wedi kabe,,
Ee dadak ban'e mbeldok,untung wae leren.e pas nak posisi seng tepak dadi gaonok opo*..
Barang mari di tepak.no supir,e mala ngguyu* ( mungkin supire sodok gak waras :D)
Wes critoe iki wae,??

Suwonn :)

Fitrih_Handayanih (17)

CIDOT (Cilik _Cilik Idiot

Pas preian sekolah SD bien. Aku dikongkon ibu ayah ku nang omae mbh ku gae ngoncoi mbh ku seng sakno gg onok koncoe nak kono. Sak dorong e aku budal aku siap siap ngelebok no klambi klmbi ku nak tas, yo gak klambi tok seng tak lebok no, opo ae seng onok nak kamar ku karo kamar e ibu ku yo tak gowoi kabeh, maklum arek cilik, tapi jare ne wong tuek tuek ngunu iku jare mekakati. Pas dino isuk e aku langsung ohthethuthewe ( oteote gimbal tempe) =)) . pas totok omah e mbh ku aku sak kluarga lngsung di sambot karo badokan seng wes dimasak no karo mbah ku, mari mangan mangan mari omong omongan. Tibak e yo gak keroso nek dino wes kate dalu, ibu karo ayah ku langsung pametan karo mbh ku gawe moleh, aku preian nak kono yo lumayan 2minggu suene. Tapi sak wis e aku ditinggal moleh karo ayah ibu ku. Menesok dalu ne aku langsong nanges kepiyer jeret jeret gak karoan gawe njalok moleh.

 Sak munu ae crito ku dino iki.
Matur suwon ({})

 N.F.I 28

Minggu Apes

Dino minggu iki asline wayahe gae nyantai lan turu sampek awan , amerga aku dikongkon ibukku belonjo nang pasar akhire aku diigugah di kongkon tuku belonjo nak pasar , isuk jam 6 aku dikongkon ibukku belonjo nang pasar aku langsung tangi lan ngetokno sepeda karo wajah seng sek ngantuk aku nyetir karo kiyep kiyep aku sepedahan banter lan aku ora nyawang yen nk ngarepku onok dalan jublangan aku kaget lan ngerem ndadak akhire sepedaku nggoleng lan aku tibo , untunge cuman sekelku seng keseleo, Apese maneh pas aku belonjo nang pasar diajak omong-omongan ambk tonggoku. Gk sadar lek belonjoanku kari-_- lan aku mbalek maneh nang pasar.

Iswatii (19)

Juma't apess

Dino jumat aku karo dea nak pom petro ngisi bensin pas nak pom aku kro dea kapeneh nak gkb  tuku jajan.  Pas mari tuku jajan aku karo dea langsung nak bunderan gkb .pas nak bunderan gkb aku karo dea crito" tentang pekerjaan. Pas totok tenggah-tenggah crito iku mau aku karo dea di parani karo wong wedok 2 di omong-omong.i tentang pekerjaan bisnis. Aku nderedekk!!! Kabeh :D
Pas jam 14.00 aku karo dea kapeh pamit moleh nak arek wedok 2 iku. Akhire aku moleh karo dea. Totok rumo aku mbayangno karo dea gk jelas masalah mau pas nak gkb .pas totok nak okso aku karo dea di wedeni arek cilik-cilik NYAMBEK!! Aku lak yoo wedi ngono.. :D hahaha

(Nur sofiyana /32)

CIMOL cilik molorr

Dino senin wingi, ning sekolah wayahe jam istirahat ke loro aku karo arek arek budal sembayang ning mushola kampung sebelah, durung tutuk nggone gerimis aku gak sido sembayang ning kono. Mari iku langsung balik karo njajan aku tuku cimol pas di ladeni wonge udan e tambah deres, aku karo konco konco ngiyup ning rombonge wong dodol cimol .udane gk mari mari aku karo konco konco langsung mlayu ning kelas, polae aku nggawe sandal lunyu aku kurang titik kepereset.sak marine tutuk kelas seragam lan sak sembarangane teless.....

Matur nuwun.....

Dwi A (12)

Minggu Mangan Martabak

Pas tanggal 30 wingi minggu aku nak omah gak nak endi - endi sokale gak onok acara. Tapi aku nak omah akeh tugas yo iku tugase umbah - umbah kelambi, yeteriko ambek yaponi jero omah ambek latar omah ku. Mari iku kabeh aku langsong ados. Sak marine ados aku ganti kelambi mari ganti kelambi langsong aku dolen nak omahe konco ku seng omahe sebelahan kro omah ku.  Maringono konco ku ngajak aku tuku martabake mbak sri seng dodolane nak cedeke sekolaan ku. Teros aku gak melok budal tuku martabak bak sri sokale aku males metu yo wes aku tetep ae nak konco ku. Akhire konco ku budal tuku martabake mbak sri. Tak tunggoni setengah jam konco ku gak teko-teko yo wes aku nunggoni konco ku sampek sak  tekoe. Akhire konco ku teko maringono aku ambek konco ku mau mangan martabak bareng-bareng.

Fitriah kulum (16)

Benyak tugas

          Ya allah minggu iki tugase uuuuuuuaaaaakkkeeehhhh. Tugas negoisasi, mtk, pai, apalan yasin. Sakiki syarat cek isok melu ujian aneh yo. Isok dikongkon apalan yasin, opoko gak mesisan kongkon apalan al-qur'an sisan. Tapi gak popo seh cek onok gunane sekolah agama. Tapi aku biyen sd gak senenmen iki, iki koyok mondok. Biyen aku sempet dikongkon mondok tapi aku gak gelem, soale umba-umba dewe, masak dewe, tangi dalu, poso sunnah, ngaji, turue mek dilut. Ndokpecah remek kabih........
Venny/39

Teles kebes

Dino senen tanggal 1 februari aku sekolah, pas wayahe jam istirahat ke 2 aku ape sholat nak mushola kampung pengger sekolahan ku tapi pas totok ngarepe MIPA geremes teros gak sido sholat tapi gak langsong mbalek aku karo arek-arek tambah tuku jajan sek pas diladeni udane tambah deres dadi ne kene ngiyop nak tendo rombong e tela-tela ambek arek akeh, ngenteni kesuen akhire kene melayu nak kelas masio udan.

Sayyidah (36)

pas moleh sekolah

Pas wayae molleh sekollah jam setengah 4 aku numpak len pas wayae numpak len iku aku gag dimodokno nak ngarep omah tambah dimodokno nak daerah surabaya sememii padahal aku wes ngomong "kiri pak" tambah supire gag krungu polae gara gara lagune kebanteren.  Maringono aku modon nak sememii numpak len arah nak sentolang. Totok omah jam setengah 5 an lah ya allah pegelle..


     #Mazroatul Jannah (22)

Nerobos lampu abang prapatan

Senin wingi aku budal sekolah kebut2an amarga jam.e kepepet . Pas totok prapatan bomas aku nerobos lampu merah . Gak ngrtine onok polisi nak  sebrang dalan kartini . Aku langsung cepet2 ndg pengen totok skolahan . Aku wedi yen polisi mau nggudak aku mangkane langsung banter lan gak ngutamakno keslametan . Tapi untung ae slamet . Alhamdulillah :D

(Riska Diah Puspita Adiningrum/33)

Minggu ohh minggu

     Ben minggu jadwalku padet... Mulai isuk sampek sore. Minggu wingi tangi jam 9 soal.e ket senin sampek jumat tangi.ne pasti jam set 6, dadi rodok towok titik turu e. Tangi terus ados, mari ados mangan diluk. Maringono mbalek maneh nak jedeng kape umba-umba, terus mari diumba langsong tak peh nak panasan ben cepet gareng. Nek gak gareng lak gak isok disetriko.

     Jam 2 awan umba-umba.an ku wes gareng. Terus tak entas langsong disetriko. Setriko.e mari sekitar jam 4an. Maringono.dikongkon ibu nyapu ambek ngepel oma. Ya Allah sek ket mari setriko, wes dikongkon seng lain.

     Bengine nak oma.e dulurku seng nak pongangan. Soal.e nak kono onok acara penting. Totok oma jam 10 bengi. Karek turu.e tokk.. Ya Allah pegelll polll!!!!

Auliaa/06

Pas - Pasan

Waktu iku aku jupuk sangu duwek gae sekolah , tibakno mek onok duwek 6 ewu tok . Trus aku takok ibukku "kok mek onok duwek 6 ewu ?? :-( , terus jarene ibukku" yo onok.e iku yo iku ae seng digawe sangu , saiki kudu belajar hemat " hemat yo hemat buk tapi kok mek disangoni 6 ewu . tapi ak sek tetep harus besyukur wes dikeki sangi mek 6 ewu , ketimbang gak sangu . Hayooo :-) 




A.F (01)

Keisinan woii

Dino minggu sore jam stgah 4 aku di jak mangan* ambek mbak* PSG ku bien.aku mangan nang cafe adventure, Lah nang kono aku pesen pangan an, maringono aku ngekekno pesenan ku nang kasir, aku takok nang wong.e pasword wfi ne opo, Lah ambek mbak.e di jawab "Tanyakan di kasir" aku jawab "aku wes nang kasir" mbak e jawab "iya mbak Tanyakan di kasir" aku " loh yaopo seh aku Iki ketmau wes nang kasir mbak -_- " (aku ngamok") mbak e jawab " Iya mbak, pasword wfi nya Itu tnyakan di kasir" aku "ealah mbak gak gelem wara ketmau lek  pasword wfine iiku mau!-_- (aku keisinan)
Aku langsung longgo nang mejo ku ambek wajah seng isin mau.
Mbak.e guya guyu lek ndelok aku 😓

D2N (09)

Malam minggu

pas dina sabtu bengi onok pasangan sing malam mingguan neng teras. sebut ae jenenge doni ambek lisa
Doni : sayang kamu kentut ya ?
Lisa : upss...!! iya syang soalnya udah gak isok tak tahan meneh, knpa  ?
Doni : ambune koyok parfum import sayang
Lisa : harum banget ya ?
Doni : guduk harum sayang tapi ambune tahan lama   
Lisa : ^_^





FD ( 14 )

Pegeeeell

Dino minggu  wingi aku dijak ibuk ku nak rumah sakit nyambangi ponakan ku seng kenek demam berdarah. Pas teko rumah sakit aku langsung melbu nak kamare. Aku gak tego nontok ponakan ku. Soale tangane di infus, tapi areke gak nangis pas di suntik karo dokter. Areke ngguyu terus pas onok aku. Saking akehe seng nyambangi, aku sampek pegel dewe. Pas seng nyambangi wes mole, aku langsung turu nak sebelah ponakan ku. Saking enake turu, gak keroso wes jam 5. Aku langsung tangi+adus terus sholat ashar. Mari adus aku nontok tv karo ngenteni adzan maghrib. Gak sue onok adzan, aku langsung jupuk wudhu. Terus aku langsung sholat maghrib. Mari sholat aku langsung pamitan mole. Pas totok umah aku langsung sinau soale pr ku akeh. Mari sinau aku langsung sholat isya terus turu. Soale menesoke aku kudu sekolah.

#Sri Wiyani Wulandari#

Suroboyo Day

Waktu minggu wingi aku karo keluarga-keluargaku mlaku-mlau nak suroboyo Biasa dino minggu halan-halan , jarene boso ngetrene seh weekend-weekend :D Trus perjalanan sak monoh panase lan macet seru , akhire totok nak tempat seng dituju yaiku nak royal city Motor wes diparkirno , aku lan keluarga-keluargaku langsung melbu nak royal city ndelok-ndelok , belonjo-belonjo , sak wiseh belonjo aku lan keluarga-keluargaku langsung gelek mangan gawe ngiseni weteng seng ket mau porek njalok mangan :D Akhire wes mari mangan wes mari belonjo , wes puas lan wes bosen Langsung aku lan keluarga-keluargaku gaspolll mbalek moleh Lan akhire totok omah langsung tepar turu gak tangi-tangi wkwkwkwk :D :D Anis F. (03)

pengalaman pas rekreasi nak pantai

Senin, 01 Februari 2016

Joging Minggu

Minggu-Minggu aku tangi isuk jam setengah limo terus ngono aku sembahyang shubuh . mari sembahyang aku disms arek arek smp . terus arek-arek ngajak joging bareng . budal jam 6 iku pun sepedah ontelan 😀 muter-muter sampek tekan gor . terus nak taman petro . moleh . dolen bareng-bareng nak omaku . wes poko'e seneng nek kumpul-kumpul bareng konco smp . ngilangno kangen .


Nikmatul Mufidah (26)